Kaca:Murkane Ibu.pdf/77

Kaca iki durung katitiwaca

“Ealah Ndhuk, bocah jaman sak iki senengane kok niru artis- artis ing TV, kayata Luna Maya, Aura Kasih, Agnes Monica, lan sa- panunggalane. Lha wong klambi durungnganti rampung anggone njahit, kok wis padha dingo. Lak ya kurang wangun disawang.”

“Nggih sak boten-botene dipun pundhutaken malih rok utawi clana ingkang langkung serasi kaliyan klambi menika.”

“Ndhuk, prihatina dhisik ya, Bapak lagi bisa numbaske klambi, sisuk yen Bapak anarejeki njaluk apa wae tak tukokke. Bapak njaluk, menawa apa sing kok pengini durung bisa keturutan. Dongakna Bapak aleh rejeki sing akeh ya Nduk....”

“mggih Pak, nyuwun pangapunten menawi kula taksih ngeyel nyuwun werni-werni. Mugiyo Bapak pikantuk rejeki ingkang ka- thah, melimpah ruah, halal, barokah.”

Asih mung meneng wae ora bisa mangsuli lan nanggapi apa sing dingendikake Bapake.

“Iyo, ndhuk. Wis-wis, ayo gekndang mangkat menyang gedhung kesenian, ketmauning pikiran kok malah mung padu. Ora wangun didelok wong liya.”

“Inggih ndherek kemawon Pak, menawi sampun badhe budhal sak menika nggih mangga.”

Ing sajroning dalan, Asih tansah ngangen-angen. Kepiye yen mengko sakwise tekan kana, banjur wong-wong padha pating plongo ngawasake Asih sing nganggo klambi anyar anangging ngisor rok sekolah?

Ora let suwe asih lan bapake tekan kedung kesenian amarga arep nonton pameran tunggal fotografi kagungane Pak Suja'i Karta- sasmita. Bapake asih ngendika yen sakiki wis tekan nggone awake dhewe arep nonton pameran. “Inggih Pak.” jawabe Asih.

Asih lan bapake banjur mlebu marang jedung, Ing kana akeh foto-foto kagungane Pak Suja'i kang dipipura banjur digantung ngang- go senar. Akeh para seniman lan wartawan sing padha rawuh.

Asih rada mindher campur isin, amarga wong-wong sing padha nonton pameran. Kok tenan..., padha pating plongo. Aja-aja apa sing ana ing angen-angene Asih ing ndalan mau dadi kasunyatan.

Asih mung tansah ndhempel papakke. Ora wani mlaku dhewe. Nalika Asih nyawang sakiwa tengene dhewekke, kok teka-teka ana wong kang nyawang Asih saka dlamakan sikil nganti pucuking rambut paling ndhuwur, banjur ngguyu, Hahahahahahaha...!

68 = Antologi Crata Cekak ee.