Kaca:Murkane Ibu.pdf/78

Kaca iki durung katitiwaca

Ing atiku, aku mung bisa ngucap “Sabar..., Sabar.... Jane aku yo isin banget. Lha kepiye ora isin, aku wis ana ing antarane para seniman-seniman sing klambine padhamecing tur ya gaul-gaul. Ora kaya...?”

“Asih...!” timbalane Bapak marang aku sinambi didemek pun- dhaku.

“Nggih Pak.”

Banjur aku ngetutke ana ing mburine. Aku ngrasa yen aku kok ndesa dhewe anggone nganggo klambi, beda karo liya-liyane. Ananging aku kudu sukur marangGusti, lantaran nonton pameran aku duwe klambi anyar.

Sakwise aku mubeng-mubeng karo bapak, aku banjur mulih karo bapakku. Atiku rasane lega, amarga aku wis ora dadi tontonan kanggo wong liya.

Kk

Dwika Ningrum, lair rikala tanggal 4 Oktober 1992, ing Kulon Progo, sekolahe ana SMA Negeri 1 Sentolo, Plasa, Banguncipto, Sentolo, Kulon Progo, agamane Islam, omahe ana Separang, Pagerharjo, Samigaluh, Kulon Progo, HP- ne 087834587472, nduweni kesenengan nembeng lan maca puisi, nate dadi juara ||, nembang tingkat kabupa- ten.

> “Murkane Ibu” ee 69