Kaca:Murkane Ibu.pdf/84

Kaca iki durung katitiwaca

Gaweane Cah Enom

M. Rabani SMA Negeri 2 Wates, Kulonprogo

kd

ikirane Agus ora karuan merga bingung anggone nggoleki PS- an. Sak durunge, Agus ngajak kanca-kancane nginep neng omahe.

Nek ditakoni wang tua, alesane ngrayakake Harkitnas. Kamangka, niyate mung arep dolan-dolan lan dolanan PS. Nanging, supaya bisa dolan ngapusi sithik ra apa-apalah. Kira-kira jam 4, Farit Telpon.

“Pie, Bos, dha teka durung?”

“Durungje. Aku ya lagi ngliwet, supaya ora kaliren! Ngerti ta nek warok kabeh, kaya buta. Kowe turu nggonku ra?”

“Bener kuwi! Wadhuh, orangerti Bos. Aku nunggu Bapak mulih sik!”

“Oh! Ya ora apa-apa. Mengko nek sida SMS ya? Et, aja lali tuku areng!”

“Ya! Wegah nek kon tuku areng!”

“E, lha........! Awas nek ora tuku!”

“Ngapa tuku barang? Kowe ki rak wes areng to?”

“Hus! Kurangajar! Tak kepret dadi lutung kowe!”

“Yaben! Sing penting pacarku ayu!”

“Ya mung mesakke karo kowe wae paling!”

“Asem kowe! Ratrimo aku!”

“He... he... he...! Guyon Bos! Aja nesu ta!”

“Ra urusan!”

“Ya, taktuku wis!”

“Siplah! Mbok ketmau!”

“Yawis, aku arep adus sik Bos!”

> “Murkane Ibu” ee 78