Kaca:Murkane Ibu.pdf/85

Kaca iki durung katitiwaca

“Oke!”

Tut... tut... tut.... Telphone mati. Sambi nunggu segane mateng, Agus adus! Jam 5 Farit teka.

“He, Bos!”

“Asem! Tak kira Sapa! Jebul pasien RSJ Pakem ta! He... he... bê...

“Ya wis! Manut! Muga-muga dibales karo sing nang ndhu- wur!”

“Weh! Sing nang dhuwur sapa? Loper lagi ngunduh kambil? He... Wé... Wêra”

“Kualat mengko kowe! Lagi mumet! Sukur!”

“Ya, mung guyon ta! Eh! Tuku areng durung?”

“He.;. he;.; he...| Urung je!”

“Yawis! Gek menyang ya! Ning, nganggo montormu!”

“Okelah! Montorku fulteng kok bardi isi!”

Wusanane dha menyang nang bendungan. Lagi liwatunggah- unggahan dalan Nggejlik, montore Farit macet.

“Kena apa ki Rit?” pitakone Agus sambi ngerem mnotor supa- ya ora mundur.

“Embuh! Mau ya macet je!”

Montore diuripke meneh! Ngoooook..., ngoooook.... Ngoooook.... Montore nyendhal- nyendhal, merga koplinge durung diculke neng Agus.

“Koplinge diculke bodho!”

“Oh iya! Lali Rit! He... he... he... Biasa ora kulina nganggo montor elek! He..... he.;... e.;...”

“Gek ndang, selak isin dimatke uwong!”

“Yaben! Karepku!”

Terus dha neruske mlaku. Sakwise tuku areng, Agus lan Farit mulih! Nanging, pas tekan Bojong, Agus nyenggol kunci montor. Teka-teka, montore mati.

“Lho! Kok mati Rit? Mau mung kesenggol kuncine je!”

“Jajal diputer trus di urepke meneh.”

“Weh! Urep Bos! Berarti mung kuncimu sing lecek! Njajal meneh ki! (Brebet, brebet, ngeng....) kuita! Cen kuncimu sing setres! Hé Wêsi. Wrin

“O0. Ya? Kok isa jal? Anyare kuwi! Kok isa jal?”

“Salahe diganti barang? Kapok!”

76 = Antologi Crata Cekak ee.