Kaca:Murkane Ibu.pdf/86

Kaca iki durung katitiwaca

“Asem!”

Bare Galih SMS.

“Langsung nang omahmu ta Gus?”

“ya, beres!”

Sak wise tekan ngomah, jebul Galih lan Latif nunggu nang omahe Agus ssinambi ngobrol-ngobrol karo bapake Agus. Nanging, ono adzan Magrib.

“Salat sik yo!” Agus ngajak salat.

“Ayo!” jawabe bareng-bareng,

Sakwise salat, Agus methouk Didik nganggo montore Farit. Sak wise tekan omahe Didik, Agus kaget. Didik wis nang ngarepan merga krungu suara montor.

“Sik Gus, lagi madhang!” omonge Didik.

“Tak enteni. Tak enteni.” jawabe Agus sambi mlebu omahe Didik.

“Kancane Didik pa Mas? Kulo Pak Surata, Bapake Didik!” Ba- pake Didik metu ngagetke Agus.

“Nggih Pak, kula Agus! Putrane Pak Dono!” jawabe Agus.

“Em! Karangwuni kae ta?” pitakone Pak Surata.

“Nggih Pak!” jawabe Agus.

“Ana acara apa Mas?” pitakone Pak Surata.

“Kumpul Pak! Ajeng ngrayakke Harkitnas! He... he... he....” jawabe Agus.

“Ha... ha... ha...! Haiya kui! Nek kekancan sing guyup ya Mas?” ngendikane Pak Surata.

“Nggih pak! Oh nggih Pak, nyuwun pamit riyen Pak! Pareng!” omonge Agus.

“Mangga-mangga Mas!” jawabe Pak Surata.

Saskwise kui, Agus lan Didik lunga nyewa PS nang Temon! Nanging, wis dha entek disewa. Terus Agus telpon Fahmi.

“Mi, PS-ane ora ana kabeh je. Kowe nangndi?” pitakone Agus.

“Aku nang pasar malem karo Yuli. Kowe mlebu wae!” jawabe Fahmi.

“Wegah!Tak tunggu nangngarep Kodim wae!” omonge Agus.

“Aja! Nang nggarep Dinkes Wates wae!” jawabe Fahmi.

“Ya!” jawabe Agus sambi mlaku nang ngarep Dinkes.

Sakwise kui, Fahmi ngeterke nyewa PS. Nanging, teka-teka Farit telpon.

> “Murkane Ibu” ee 7"