Kaca:Murkane Ibu.pdf/87

Kaca iki durung katitiwaca

“Rasah nyilih PS, tv ne ra isa dinggo!” omonge Farit.

“Isa!” jawabe Fahmi disokong sing njaga PS.

“Ra ana cop-copane!” jawabe Farit.

“Mengko rak ana!” jawabe Fahmi

“Karepmu!” jawabe Farit.

Sawise, Aguslan Didikmulih nang omahe Agus. Sakwise tekan ngomah, Agus ndelok tv mau. Jebul ra ana cop-copane tenan. Ra- ngerti merga tv kuwi lagi teka mau isuk, saka wong mbayar utang, Ora suwe Fahmi teka. Fahmi langsung nonton tv-ne, lagi percaya nekra ana cop-copane. Merga gela, pada ngejak nggolek gemak nang pesiser. Sakjane, wis ana daging pitek. Nanging, tetep dha nggolek ben ora gela.

Bengi kuwi peteng tenan, telesmeneh merga bar grimis. Agus, Didik, Farit, lan Fahmi lunga nggolek gemak nang pesisir, kira-kira jam 9 mbengi. Lha, Galih lan Latif milih nunggu pitike sing lagi di- bacem. Agus, Didik, Farit, lan Fahmi bingung, arep nyekel nggo apa? Amerga ora due suluh/ jaring,

“Gus, le nyekel gemak nganggo apa? Dicekel nggo tangan?” pita- kone Fahmi.

“Yo, nek kowe gelem nggo klambimu ya rapapa! Ning, kowe wuda! Ha... ha... ha....” jawabe Agus sambi nggeguyu Fahmi.

“Asem!Ya wegah! Nggo ember wae pa nekra ana jaring? Ning, lampu lan wadhahe ana durung?” pitakone Fahmi.

“Tenang wae! Ana kabeh! Yo, menyang yo! jawabe Agus sambi ngajak kanca-kanca.

Teruspadha menyang nggolek gemak. Sak wise tekan pesiser, Fahmi mbengok kaget.

“Heh... ! Wadhuh...! Sialan!” omonge Fami sepontan.

“Ana apa Mi?” pitakone Agus lan kanca-kanca.

“Asem!Gemake ujug-ujug mabur nang ngarep ku! Kaget aku nganti dheg-dhegan!” jawabe Fahmi.

“Ha... ha... ha...!” padha ngguyu bareng-bareng,

Banjur padha neruske mlaku meneh. Wis suwe mlaku, kok du- rungentuksiji-sijiya. Terus dha milih mulih wae. Sak tekane ngomah, Agus lan kanca-kanca nyiap-nyiapke kelengkapan kanggo mang- gang pitik. Sakwise kuwi, Agus tuku kartu remi kanggo dolanan, ben ora bosen. Aguslangsung menyang, Sakwise entuk kartu, niyate langsung arepmangan. Naging, durung ana sing dipanggang sitik-

78 = Antologi Crata Cekak ee.