Kaca:Murkane Ibu.pdf/88

Kaca iki durung katitiwaca

sitika. Wusanane, Agus sing mangang pitike sambi muring-muring dhewe. Amerga jengkel, Agus le manggang nganti gosong, Sakwise manggang, Latif arep tuku sambel nang bakul pecel lele.

“Tuku sambel yuk! Ben ana pedhes sithik!” omonge Latif.

“Ya kana menyang ro Fahmi”! jaewabe Farit.

“Yo Mi!” jawabe Latif sambi ngajak Fahmi.

“Yo.” jawabe Fahmi.

Sawise kuwi dha menyang tuku sambel. Ora letsuwe, wis dha teka nggawa sambel

“Wah, pas tenan ki!” omonge Agus.

“Wis gek ndang, selak ngelih!” jawabe Galih.

Terus, dha maem.

“Wadhuh, seret-e! huk... huk... huk....” omonge Agus keseret en.

“Waduh aku ya, ho-oe!” omonge Latif.

“Tuku wedang wae kana!” omonge Galih.

“Yo Tif!” jawabe Fahmi karo nggeret Latif.

“Yo...! Tak wisuh sik!” jawabe Latif.

Sak wise Fahmi lan Latif lunga, Agus lan kanca-kanca dolanan kertu sambi nunggu wedange teka.

“Kok dha durung teka ya? Mesthi dha ngombe-ngombe sik ki!” omonge Farid

Ra let suwe, Fahmi lan Latif teka nggawa wedang.

“Eh! Kok suwe je? Dha medang sik ya?” ujare Farid.

“Bara-bara ngombe, wongle nggaweki nggo teh celup kae. Gelas papat, wesing pawe klemat-klemet. Tambah meneh ana wong dha mabuk. Matane dha murub abang!” ujare Fahmi gila.

“Modar!” jare Farid.

“Wah, Galih penak tenan ki, turu!” omonge Didik.

“Digarapi wae yo!” omonge Agus.

Banjur Farit njupuk kecap, diteteske nang pipine Gaih. Agus ya melu-melu, nanging ora nang pipi. Nanging nang lambene Galih, ben kroso. Kabehe dha ngguyu kepingkel-pingkel. Ora nyadhar nek wis jam rolas, wis tengah wengi.

“Wah, wis mbengi-e! Gek turu yo!” omonge Latif

“Mengko, dhilit meneh tanggung le remi!” omonge Farid

“Eh! Mi digemake wae yo! Sing kalah ngombe kopi dicampur kecap!” omonge Didik sambi ngajak kanca-kanca.

> “Murkane Ibu” ee 79