Kaca:Murkane Ibu.pdf/90

Kaca iki durung katitiwaca

Tresna Apa Kanca?

Rohanna Desy Kurniawati SMA Negeri 2 Wates, Kulonprogo

kd

doh saka ramene kutha, ing pelosok desa Pawuhan ana bocah

lu kang padha kekancan. Bocah telu iku Nia, Rina, lan Maman.

Bocah telu iku wis kekancan sawetara suwe. Wiwit cilik tekan saiki,

SMA. Sajroning kekancan Maman lanang dhewe. Bocah telu iku ang- gone kekancan diwujudake kanthi sinau bareng,

“Man, piye? Mengko sinau bareng, ya!” panjalukke Nia.

“Tya, sesuk ana ulangan Matematika ta?” Rina mbenerake.

“Ya, tak usahakke. Bubar Magrib piye?” wangsulane Maman.

“Beres pokoke,”

Bengiiki Nia, Rina, lan Maman sinau bareng neng omahe Ma- man. Bocah telu iku pahe sinau Matematika.

“Man, piye rumuse nomer telu iki?” pitakone Rina sinambi ngathungke buku Matematika ing sak ngarepe Maman.

“Mengko dhisik! Aku lagi SMS karo kancaku.” wangsulane Ma- man sakarepe dhewe.

“Mbokmengko anggonmu SMS! Kenesinau dhisik!” pangajake Nia.

“Sik ta, mbok ya sing sabar!” Maman lekas nesu.

“Yauwis kana SMS sak senengmu. Menawa sesuk kowe ora iso ulangan matematika, siap- siap her wae” kandhane Rina kanthi rai abang pratandha dheweke uga nesu.

“Ora apa- apa her. Dudu urusanmu!” wangsulane Maman.

“Ya, yen ngono aku karo Rina mulih dhisik.” kandhane Nia.

Rina karo Nia banjur bali. Bocah telu iku ora sida sinau. Ing dalan bocah wadon loro kuwi padha grundelan.

> “Murkane Ibu” ee 81