Kaca:Murkane Ibu.pdf/91

Kaca iki durung katitiwaca

“Anaapa ta karo Maman? Kok saiki dadi beda?” pitakone Rina

“Embuh, aku ya ora ngerti. Yen dipikir, mbiyen Maman kuwi bocah paling sregep menawa awake dhewe sinau bareng. Nanging ngapa saiki dadi kaya ngono?” grundelane Rina.

“Ah embuh! Dakbali dhisik ya!” kandhane Rina.

Esuke Maman ora mangkat sekolah. Jarene guru piket, Maman lagi lara. Krungu kabar mangkono, Nia lan Rina age-age kepengin menyang omahe Maman.

“Rin, mengko bubar Isyak menyang omahe Maman piye?” Ya, aku isa.” epriye yen mengko sisan menehke tugas dina iki kanggo Maman?” usule Nia.

“Ya, apik iku.”

Bengine bocah loro kuwi padha menyang omahe Maman. “Kula nuwun, Bu!”

“Nggih mangga! Oalah, Dhik Rina lan Dhik Nia ta. Kene mlebu kene, lungguh.” pajalukke ibune Maman kanthi sumeh.

“Nggih, Bu. Matur nuwun, Maman wonten, Bu?” pitakone Nia.

“Lho, Maman kilunga awitjam siji mau. Sampeyan ora padha ngerti Maman lunga menyang ngendi?”

“Mboten, Bu. Menawi mboten klentu, Maman wau mboten mlebet sek....”

“O, nggih sampun, Bu. Kula lan Rina wangsul rumiyin.” kan- dhane Nia medhot gunemane Rina karo ibune Maman.

“Ya, nagputen lho Nduk.”

“Nggih, mboten menapa-menapa kok, Bu.” kandhade Rina

Ingati, Nia akeh pitakon. Apa bener kandhane guru piketme- nawa Maman iku lara. Gek-gek Maman ngapusi. Kasunyatan bengi iki Maman ora ana ingngomah. Nanging, Nia mbuang pikiran-pikir- an kang negatifiku. Nia duwe pangarepmuga-mugaMaman olehe lunga mbengi amarga pancen dheweke uwis waras. Rada ayem. Nanging,

“Ni...,Nia, pawakan gedhe kae Maman dudu? “ pitakone Rina.

“Endi?” Nia genti takon.

“O0, kae! Maman? Lho, kok jejer karo bocah wadon?”

“Aku ora ngerti. Ayo diceraki wae!” panjaluke Rina

“Ya!”

Rina karo Nia mlaku saya cedhak nanggone lungguhe Maman. Bengi iki, bengi kang endah. Mbulane bunder kempleng pratandha

  1. 4

4


82 > Antologi Crita Cekak ee