Kaca:Murkane Ibu.pdf/92

Kaca iki durung katitiwaca

wulan purnama. Bintang- bingtang uga padha ngancani wulan nyu- nari bumi. Nanging sawise weruh temenan sapa kang lungguh ing taman iku. Kaya-kaya bledheg nyamber. Gludhug-gludhug padha nyuara. Bener. Bocah lanang kang lungguh ing taman iku Maman. Sing luwih ngiris ati Maman lungguh jejer bocah wadon. Oramung kuwi, Maman jebulane nganggo sragam SMA. Dheg. Jantunge Rina lan Nia kaya arep copot. Kasunyatan Maman ngapusi. Maman nga- pusi ibune, gurune, lan kancane.

“Man, kowe, kowe kok ngganggo sragam. Karo bocah wadon maneh” kandhane Rina khanti ati kuciwa.

Maman isih meneng,

“Man, ngomong Man!” panjaluke Nia

“Man, sakjane aku tresna marang sliramu. Naging kowe uwis ngiris atiku ing kadadean iki,” batine Rina.

Luhe Rina netes. Rina ora nyana yen Maman sing ditresnani uwis duwe pacar.

“Man, jebulane sing ngganggu awake dhewe sinau kuwi ta?” kandhaneNia karo nudhingi bocah wadon kang lungguh jejer Maman.

“Uwis Ni, rasah ngganggu Maman maneh,” panjalukke Rina.

“Oraisa Rin, sewelas taun kekancan pedhot ning ndalan merga iki?” Nia lekas nesu.

“Nanging...”

“Uwis Rin. Kowe rila yen kekancan iki pedhot?”

“Ora...” Rina lekas nangis.

“Man! Ngomong!” panjaluke Nia.

“Man, menawa kowe ngerti. Saktemene aku tresna marang sliramu. Nanging aku ngupasliramu mbuang rasa iki. Kowe ngerti ora? Aku emoh yen kekancan sing endah iki rusak. Nanging apa ? Malah kowe dhewe sing ngrusak?” Rina lekas ngomongke rasa ing atine marang Maman.

“Ha, bener kuwi Rin ?” pitakone Nia ora percaya.

“Hooh....” Rina ndhungkluk.

“Rin, Nia. Pancen iki pacarku, Susi.” Maman lekas omong,

O....” wangsule Nia

“Rin, aku ora ngira yen sliramu tresna marang sliraku. Aku ndhisik uga tau tresna marang sliramu. Nanging iku uwis telung taun kepungkur. Saiki aku uwis duwe Susi,” kandhane Maman.

> “Murkane Ibu” ee 833