Kaca:Murkane Ibu.pdf/94

Kaca iki durung katitiwaca

Kumlebeting, Gendera Putih

Wiji Imam Saputro SMA Negeri 1 Samigaluh, Kulonprogo

A ti ora tentrem. Pikiran tansah mrana-mrana, sing sakdurunge sah ayem tentrem ora ana apa-apa.

“Ah, ana apa awak iki kok-kok rasane kaya ngene.”

“Ana apata Pak? Kok gemremeng sakarepe dewe, kaya wong linglung wae ta, Pak?”

“Embuh ta Bu, kok ujug-ujug pating grekes ora karuan kaya ngene. Uga atiku ya ora tentrem. Arep ana apa ya Bu?”

“Lah Pak mbangane kaya ngono kuwi mbok ya digawa ngaso- ngaso kona, mengko mbok menawa kepenak.”

Nalikane arep mapan turu ujug-ujug ana tamu sing arep ke- temu bapak Jumadi sekeluarga.

“Kula nuwun Pak.”

“Mangga...! Tindak mlebet.”

“Matur nuwun. Mekaten Bu. Badhe kepanggih Bapak Jumadi wonten ndalem menapa mboten?”

O..., wonten. Kula aturi nengga sekedhap mengke kula puru- gane.”

“Lho, Bapak teng pundit ta Bu?”

“Bapake wonten nglebet.” Pak, Pak..., ana tamu iki Pak?”

“Sapata Bu tamune?”

“Ya pokoke ndang rene wae, iki selak dienteni.”

“YaBu, mengko dhisik.

Pak Jumadi uga banjur metu seka sakjroning kamar. Ana ing tuwang tamu kanthi swasana ati ora tentrem. Awak pating grekes,

> “Murkane Ibu” ee 85