Kaca:Murkane Ibu.pdf/95

Kaca iki durung katitiwaca

mata pet-petan, sirahe mumet, lan pikiran kang ora tentrem uga. Nanging, wis dadi kuwajibane Pak Jumadi menawa ana tamu kang mertamu ana ing gubuge kudu ditemoni Pak Jumadi kanthi trapsila lan merdikaning manah.

Satekane ana ing ngarepan, Pak Jumadi kaget sak katoke. Kok janur gunung temen ana tamu sing durung dikenal. Esuk-esuk kok wis mertamu ana ing gubuge.

“Mangga. Sampun wiwit kala wau Pak? Sugeng ta tindake?”

“Sampun sawetawis. Pangestunipun sae, sak kundure?”

“Mpgihh ngeten niki.”

“Nggihih kepareng matur dhumateng Bapak Jumadi sekeluar- ga. Ingkang sepindah, kula sak rencang badhe silaturahmi. Ingkang kaping kalih kawula dipun utus lan diparingi mandhat kaliyan Ibu Sularsih, garwanipun Bapak Sumadi, rayinipun Bapak, bilih kala wau kirang langkung jam 10.00 Bapak Sumadi kondur wonten Ngarsa Dalem Allah swt.” kandhane tamu mau

Nalikane oleh kabar kang ora ngepenakake ati kuwi, sanalika Pak Jumadi semaput, amarga saking kagete oleh kabar sedane Pak Sumadi, tunggale dhewe.

Ewa semana, Bu Ngatini kang lagi sibuk ana pawon, lagi gawe wedang ujug-ujug mbanting gelaslan sak cerete amarga saking ka- gete weruh bojone gumlethak ana ing kursi, dikira Pak Jumadi mati.

Nalika Pak Jumadi wis eling lan apik kahanane, malah Bu Nga- tini saya kaweden lan nagis gero-gero.

“Onten napa ta Bu, kok sajakipun ajrih?”

“Niku lho Pak, tiyang sampun pejah kok taksih saged gesang melih.”

“Lho, ingkang pejah sinten ta Bu

“Lha niku, Bapak rak wau pejah ta?”

“Walah Bu, Pak Jumadi meniko mboten pejah.”

“Lho! Kok Bapak wau mboten ambegan.”

“Dadosngeten bu. Sepindah kula sarencang sowan mriki badhe silaturahim. Ingkang kaping kalih kawula dipun utus kaliyan Ibu Sularsih saperlu caos kabar, bilih Bapak Sumadi, rayinipun Bapak kala wau kirang langkung jam 10.00 kondur wonten Ngarsa Dalem Allah swt.”

“Imnalillahi wainna ilaihi raji'un.”

“Napa Pak ? Pak Sumadi mboten wonten?”

pr

86 = Antologi Crata Cekak ee.