Kaca:Murkane Ibu.pdf/96

Kaca iki durung katitiwaca

“Injih bu. Leres!”

Bu Sularsih sansaya nangise angugung sarta rasa kang ora ke- penak lan pikiran kang mumet.

“Yawis Bu. Gek ndang menenga.”

“Apike saiki pek padha tata-tata mengko ndhak selak kesoren olehe menyang layat.”

Kanthirasa kang kesusu-susu lan kemrungsung selak arep bu- dhalana ingomahe adine. Nalika ganti, Bu Ngatini ujug-ujugnjerit- njerit sak seru-serune ana ing sakn gareping lemari.

“Pak! Pak! Mreneyo Pak! ”

“Ana apata Bu?”

“Renea ta Pak, cepet!”

“Iya Bu, ana apa, ana apa?”

“Kuwi Pak ana tikus neng cerak klambiku.”

“Walah Bu mung karo kayangono kok wedine setengah mati.”

“Uwis ta Pak, kok malah khotbah mbokya gek dipateni tikuse kuwi!”

“Tya, sabar ta Bu

“Sabar gundulmu kui.”

Sinambi ngenteni rampunge Pak Jumadi mateni tikus, Bu Nga- tini nyiapke uba rampene kang arep digawa mengko.

Sakrampunge dandan Pak Jumadi uga Bu Ngatini gek ndang- ndang mangkat.

Satekane ana pelataran lelayatan Pak Jumadi uga semaput me- neh amarga durung trima menawa adhine wis mati.

“Pak, ana apa ta Pak? Istipfar Pak, istigfar Pak, aja melu nututi matiPak. Aku mengko mung dhewe ora ana sing ngancani Pak ...!”

“Pak, tulung niki dibeta mlebet mawon”

“Injih, Bu.”

Nalika Pak Jumadi digotong mlebu ana ing jero ngomah, Bu Ngatini malah nuni-muni ana ing pelataran omah.

“Pak, Pak, kowe aja nututi mati Pak. Kowe ki isih enom Pak. Isih duwe tanggungan.”

Katimbang saya ngrusak suasana, BNgatini diajak mlebu de- ning wong-wong kang padha layat.

Nalikane Pak Jumadi lan Bu Sularsih wis ayem tentrem banjur padha wudhu saperlu arep nyolatke almarhum.

pr

> “Murkane Ibu” ee 87