Kaca:Murkane Ibu.pdf/99

Kaca iki durung katitiwaca

“Anak-anakku, tugas minggu kapungkur sing durung dikum- pulake ing dina iki, cepet-cepet dirampungke lan kudu dikumpul- ake. Ing dina iki, bu guru arep maringi piwulangan bab geguritan”. Ngendikane Bu Irma miwiti ketemuan basa Jawa ing dina iku. Na- nging, para siswa malah padha sibuk ngobrol lan ngurusi urusane dhewe-dhewe. Ngerti kadadean kaya mengkono iku, Bu Irma banjur ngendika,” Wis apike saiki padha gawe geguritan lan dikumpulake sawise pelajaran basa Jawa iki.”

“Ealah, bu...sampun bosen. Saben ketemu kok diparingi tu gas, punapa miturut panjenengan para siswa menika kaya robot? Mbok yaa... toleransi sakedhik, tugas siswa menika mboten naming basa Jawa,” ceplose Bagus

“Yo, wis menawa panemumu kaya mengkono, sapa wae sing bosen ora gelem nggarap tugas, ora sah nggarap!”, ngendikane Bu Irma kanthi duka.

Amarga wektu uga wis rampung, Bu Irma sing duka banjur ninggalake kelas. Bocah-bocah sakelas padha bingung, nanging uga anabocah sing nyuraki nyoba ngwenehi semangat karo Bagus kang- go pratanda rasa seneng amarga uneg-unege karo bu Irma bisa di- omongke langsung. Nanging uga ana sing nyalahke Bagus amarga apa sing diomongke.

“Gemblung kok kowe Gus..wani-wanine omong kaya ngono?!” Surya ndisiki omong ”

“Haaiyo..piye to? Jarene akeh kanca sing padha grundelan ingmburi, aku mungnyoba ngomongake kanthi jujur apa sing kudu- ne diomongke lan ora ana sing didhelik-dhelikake. Pancen secara sadhar, opo sing dhka omongke mau ora tumata nanging aku blaka anggone matur. Aku malah mesakake menawa akeh bocah sing pa- dha grundelan ing mburi, bisa ngrugeakerong pihak bebarengan.” Jawabe Bagus nyoba nerangake alesane. Kanca-kancane Bagus sing padha ngrungoake padha manggut-manggut lan uga ana sing ge- leng-geleng,.

Wis seminggu sawise kedadean iku. Nanging Bagus nduweni rasa ora kepenak. Tanpa kanca-kancane Bagus ngerti, satenane Bagus nduweni rasa salah lan ora kepenak karo Bu Irma. Saben dheweke ketemu karo Bu Irma, ora ana salam, pandangon, ugo siji-lan sijine ora padha wang sinawang, Dheweke kepingin njaluk ngapura karo

90 = Antologi Crata Cekak ee.