Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/100

Kaca iki wis divalidasi

“Bener, reresik omah mergane Bekti wis ninggal. Sawangen anakke wedok Bu Darmi lagi mepe rukuh lan jarik okeh, mesti arep nyembayangi mayite Bekti!” Yu Prenjak mesthekake Pak RT.

Bar ngisya Bekti nembe tekan ngomah dikanthi Ratri langsung turon kasur njogan, liyane melu teturon karo nyritakake babagan opname mergane corona. Bekti nerusake omongan babagan resepsi nikahane, diganti ijab nyang KUA wae didhampingi kulawarga. Ora suwe krasa ngantuk kabeh, lampu ngomah diganti lampu cilik nggo ngleremke mata lan awak ngrasakake kesel sedina pada ribet nyiapke Bekti mulih ngomah, Ratri tangi mateni lampu gedhe karo ngancing lawang ngarep, kaget ana wong lanang wedok okeh dipandegani Pak RT karo Yu Prenjak nggrudug omahe Bekti karo omongan rame ora cetha kaya wong nesu-nesu ora nggenah nggedhor lawang.

“Bekti endi? Yen wis ninggal, mayite aja dikubur neng ndesa iki, ora dientukake masyarakat kampung!” Pak RT omongan banter.

Ratri karo Pak RT enteng-entengan nggondheli lawang, Ratri arep nutup lawang, Pak RT meksa mbuka lawang. Ratri kalah nahan kuwat lengene Pak RT sing meksa mlebu ngomah. Bekti krunggu rame-rame nggolekki awakke sing lagi teturon tangane sedhakep kemulan jarik, Ngerti-ngerti wong okeh wis mlebu ngomah karo brangasan.

“Lha, iki wonge, jare dhokter ya bisa kena corona, Saiki wis cetha, kabeh nyekseni yen Bekti ninggal, mlumah sedhakep mujur ngalor,” wong sakana-anane sing teka mantuk-mantuk. Pak RT nglanjutke omongane.

“Bu Darmi, aku, minangka perwakilan wong sakkampung kabotan, yen mayite Bekti dikubur ana makam desa. Sesuk esuk kudu wis metu saka kampung kene.

Bu Darmi ora njawab omongane Pak RT, matane nyawang Ratri. Bapakke Bekti wis tuwa uga meneng wae ora njawab,

Nalika Rembulan under 89