Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/101

Kaca iki wis divalidasi

malah padha nyawang Ratri. Ora ana sing wani njawab apa meneh nyawang. Bekti ora reaksi apa-apa, meneng turon mlumah kemulan jarik sedhakep mujur ngalor. Pak RT rada mangkel omongane ora digagas.

“Ora ana sing njawab omonganku, apa aku kudu omongan langsung karo mayit iki sing wis ora bisa ...?” Durung rampung Pak RT omongan, Bekti tangi njawab pitakonane Pak RT.

“Iya, takok aku sik, gelem orane dikubur?” Sakanane wong padha mlayu kabur keweden karo omongan ndredheg.

“Mayite urip, mayite urip!”

Pak RT mlayu keweden. Awake lemu cendhek njalari dadi keri dhewe. Yu Prenjak sing kuru wis mlayu banter ngarep dhewe. Bekti nutup lawang nggandheng tangane Ratri nggegem kenceng njut mesam-mesem mlaku nyang omah tengah awor sedulur-sedulure maneh,

Virus corona padha karo virus liyane, sapa sing kuat imun-e ora bakal kena virus. Yen wis kena bisa mari, uga bisa mati. Kabeh mau bali marang antibodi-ne dhewe-dhewe. Semana uga manungsa yen wis kelangan rasa kamanungsan njut ilang rasa empati lan simpati karo liyan. Kaya rasa sing kasekat kaca ireng anane warna peteng. Apa maneh tanpa ilmu sing ora mapan lan ora pener ndadekake salah kaprah olehe ngetrapke nyang nggon sosial.

Esti Suryani, lair ing Cilacap, 28 Februari 1969. Wanodya kang makaryo dadi guru ing SMK Negeri 1 Surakarta iki mapan ing Desa Geneng, RT 2, RW 2, Ngombakan, Polokarto, Sukoharjo. Pos-el esti2009indonesia@gmail.com. Karya tulis tunggale, yaiku: 1) Best Practice, Pembelajaran Inovasi melalui Model Project Based Learning, penerbit Deepublish CV Budi Utama, 2) kumpulan cerpen Menata Sejengkal Hati, penerbit Romiz Aisy, 3) kumpulan puisi Hujan Malam Ini, penerbit

90 | Antologi Cerkak