Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/103

Kaca iki wis divalidasi
Kentepan Watu
Budi Wahyono

Karso Cepuk mung bisa mangap saking kagete. Gugupe rasa gembuleng ora karuan. Ora ngira babar blas yen Pak Kiai ngerti kanthi njlimet sapa sejatine korban sing ketiban watu gedhe mau! Pikirane sing kebuntel rambut botak sisih ngarep kuwi banjur kesendhal-sendhal. Bali kudu kelingan geger anane sawijine korban ketiban watu nalika numpak pit montor ing sak mburine trek sing disopiri. Kebeneran pas wayah esuk, sepi, durung ana jam enem. Warung-warung bubur pinggiran ndalan isih padha bukak.

Sing lagi menet ana pikirane ora liya panggonan bawera sing amba. Perengan gunung sing wis telung tahun iki digremeti tuan tanah, banjur didhukiri saben ndina. Trek gunggung sepuluh pada wira-wiri njupuk lemah saka gunung sing dikepras mau. Ora aturan. Ana sing njupuk saka sisih wetan, kulon, lor lan kidul. Panggonan gunung sing atos–merga kebak watu sak kebo-kebo--isih utuh. Ora wani ngepras. Wedi yen bego utawa gaman sing kanggo ngepras kalah, tugel, lan rusak. Nganggur ora bisa digunakake maneh.

Geneya, gunung pinggir desa mau malah dadi sawangan sing aneh. Sajak kaya dientha-entha, kamangka ora babar pisan. Kaya menara saka lemah sing pating tlecek. Dhuwure ana sing sewidak tekan satusan meter. Suket lan tanduran padha thukul ana kono. Kahanan kang kaya ngana kuwi malah dadi kroyokan wong akeh merga cocok kanggo panggonan foto para mudha.

92 | Antologi Cerkak