Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/104

Kaca iki wis divalidasi

Swara pating bleger merga lemah ambrol, tekan mesin trek sing mbengung merga munggah pereng gunung keprungu saben ndina. Ana lemah gunggung puluhan trek sing kudu dijupuk lan didol piran-pirang pengembang. Sawah, tegalan sing wis diiris-iris bakal digrujuk atusan lemah, watu, padhas kareben peres. Rata karo kahanan lemah omah kampung. Tujuannya ben ora banjir. Banjur atusan omah kesawang baris nrithik.

Ana telung panggonan calon perumahan sing kudu diurug. Jenenge wae klebu lucu. Perumahan Enak Nyicil, Graha Cepet Lunas, lan Mantep Manggon Residen. Tipe sing dibangun saka tipe selikur tekan pitung puluhan. Ambane kapling saben omahe ditrapake karo ukuran omah kareben imbang. Karso Cepuk nyawang baliho sing pating tlecek ana prapatan mau mung mesam-mesem. Durung MMT sing jejer tumuju panggonan, sajak nggambarake rasa merdeka kanggo sing wis nduwe omah. Ora ketang omah-omah mau kasebut omah cicilan. Rasane krasa nekak gulu nalika rezeki ora bisa ngimbangi. Apa maneh ana zaman geger corona sing gawe dadi angel golek dhuwit, nekake saya jero. Nyesek tenan.

“Mbuh, pokoke gaweyanku mung nyopir!” metu saka warung kanthi cara edang-edong merga kathoke rada mlotrok, Karso Cepuk banjur mlangkrik mapan saperlu nyopir.

“Sing penting entuk dhuwit, ya, Kang?” pitakone Yu Senik grapyak. Yen ora grapyak, bisa-bisa Karso Cepuk pindah warung liyane. Merga jejeran warunge Senik isih ana warunge Yu Tomblok lan Yu Tompo. Dodolane ndelalahe beda, ana pecel, gudangan, sop, gule, rames, tekan rawon. Kabeh warung mau manggon ana prapatan. Aja kaget yen cedhak prapatan kono banjur kanggo parkiran trek. Bubar parkir biasane mblandhang mula lungka-lungka karo watu padha gogrok ana pinggiran ndalan.

Pagaweyan sopir pancen kepetung cucuk. Saben sak angkatan, saka pinggir desa Pucang Gering tumeka calon

Nalika Rembulan Bunder | 93