Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/105

Kaca iki wis divalidasi

an, Karso Cepuk entuk upah sewidak ewu. Yen sedina kasil ngangkut limang trek, sakwise sabar antre karo trek-trek liyane, seprapat yuta wis kasil mlebu kampekan. Mung kelong kanggo mangan lan rokok. Yen deweke apikan dhuwit mau banjur disetorake sing wedok. Kanggo cagak urip saben ndinane,

“Kowe kudu pinter nyimpen, Iho, Neng. Iki isa diarani rezeki dadakan, Awake dhewe ki ora kaya ASN sing ajeg, rezekine awake dhewe bisa mbolak-mbalik, Mengko yen anggonku ngurug perumahane rampung, bisa bali nganggur!” pituture Karso Cepuk marang sisihane sing aran Kreneng. Kreneng mesem. Pipine sing pating plenthuk merga makmur uripe, dicemol karo Karso Cepuk.

“Iya Mas, wis tak tabung. Paling ora sedina nabung satus ewu. Sak iki wis las-lasan yuta. Kapan-kapan yen nganggur golek wedhus, ya, Mas?” ora kenyana Kreneng aweh karep, Karso Cepuk ndomblong. Geneya bojone ora kedanan emas kaya kalung lan gelang?

“Wage, anake mbarep kita kepengin angon. Wis gampang, ta, Mas, talekke kebonan mburi omah lak wis beres?” pikirane Kreneng klebu lantip, Nyoba ngranggeh kahanan besuk mbiyene, Karso Cepuk setuju karo karepe sisihane. Krasa nduwene karep sing mulya, anggone nyambut gawe nyopir dadi kenceng. Sedina Karso Cepuk nganti bisa ngangkut kaping pitu. Pitu ping sewidak kari ngetung. Yen sewulan ora leren, dhuwit sepuluh yuta bisa mlebu ana kanthongane.

Bubar adus, Kreneng, mangan mi godhog sing kebenaran dicegat ana ngarep omah, nyoba grenengan karo Karso Cepuk ning emper ngarep omah.

“Mas, mau awan ibu-ibu padha rasanan,” ukarane nyoba mbukak, Karso Cepuk nyawang bojone.

“Rembugan apa, ta, Bu,” kahanane katon rada tenanan.

“Aweh sumbangan, Bu Tumbu, sing daleme pojokan kae biasa nyumbang ana grejane, Bu Kukus uga ngoyak-oyak bojone

94 Antologi Cerkak