Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/107

Kaca iki wis divalidasi

ngangkut lemah. Begu wiwit kenceng mantheng kerja. Kernet-kernet lan buruh padha bengak-bengok aweh aba. Kudune dhuwure lemah ana bak semeter wae wis cukup ngebaki bak trek. Nanging njaluke juragan, pengembang perumahan, lemah kudu munjung. Siji setengah meter dhuwure. Mula lungkalungka prongkolan ditumpuk ana panggonan sisih ndhuwur. Kare­ben katon mbedhudhuk. Apa maneh bareng dikemuli terpal plastik.

Cilakane terpal mau kurang brukut. Mung kasil nutupi separo apa telung prapat lemah sing munjung ana ndhuwur bak trek. Kiwa tengen dipentang karo dhadhung plastik kareben ora kabur. Nanging jenenge barang mlaku banter, nalika trek njranthal, bleduge ngganggu atusan uwong sing nggunakake dalan. Buktine, saben trek saka Pucang Gering ngangkut lemah mundhuk-mundhuk lewat, kabeh padha krasa klilipen. Kamangka wis nutup kaca helm. Malah nate ana kedadeyan, salah sijine wong numpak pit montor mripate klilipen terus nyemplung kalenan.

“Wah, mentang-mentang raja ndalan! Ugal-ugalan! Golek menange dhewe!” saking jengkele, sawijining uwong sing dadi korban klilipen nyuwara kanthi rasa mangkel. Ora mung kaping siji loro unen-unen sing klebu sengak dirasakake kuping mau mbengung ing saben enggon. Saya suwe saya akeh wong jengkel. Bacute banjur ana kabar sing gawe warga ngamuk. Prongkolan lungka sing gedhene sak helm tiba saka ndhuwur trek. Cilakane ing mburine persis ana sawijining wong tuwa lanang numpak pit motor. Gandheng dadakan, mesthi ora keconggah kober ngidak rim. Gludhuk! Grobyak! Ban ngarep pit montor nenggel watu sak helm, nggawe pit montor ambruk. Untung mburine ora ana kendaraan liyane. Yen ana? Mesthi bakal bres! Sepisan maneh, jebule dudu lungka, nanging watu!

Uwong-uwong rebutan aweh tetulung. Kabeh kendharaan sing arep lewat diendhegake. Pit montor rame-rame dijejegake.

96 | Antologi Cerkak