Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/108

Kaca iki wis divalidasi

Wong tuwa sing nenggel lungka mau mung pringisan merga kelaran. Dheweke kandha terus terang yen sikile ora bisa mlaku merga ketindhihan pit montor. Wong-wong padha trenyuh. Mesakake marang nasibe priyayi mau. Gage-gage anggone padha nakoni omahe lan ora let suwe kecekel. Asmane Pak Pawiro Punjul. Panggautanne bakulan barang-barang rumah tangga sing digawe saka plastik. Ana gelas, cangkir, toples, ikrak, lan sak penunggalane. Saking rasa nggethem-nggetheme ora kebendung, meh wae trek-trek sing nggawa lemah lungka dicegat banjur dikroyok. Nanging untunge banjur ana sing dadi pahlawan dadakan. Nyoba mbela lan meden-medeni, sapa sing arep ngroyok bakal dijeblosake ana pakunjaran. Bacute, trek-trek mau isih wira-wiri sanadyan terpal plastik malih dadi brukut.

Pawarto anane korban trek ngusung lemah, lungka, campuran lempung lan watu banjur sumebar ada HP. Korbanne sing umur meh sewidak taun melu kefoto. Korban saiki isih dirumat ana daleme Bu Siti, ahli sangkal putung desa Gedawung. Anak lan bojone padha ganti jaga ana kana. Kabar anane korban sing dientha bakal penak lan ajar mlaku setengah sasi maneh mau ngrembaka tekan ngendi-endi. Mesakake merga wis balung tuwa. Kabar mau tekan kupinge para sopir.

“Sapa sing lewat dalan kono kira-kira jam enem-an?” pita­ko­ne Pawiro Singat karo nduwe karep negesi. Kabeh sopir sing lagi jagongan ana warung padha nebak-nebak. Sing liyane malah nudhuh marang Karso Cepuk. Apa maneh Karso Cepuk lagi wae mangkat nyopir.

“Angel, ya, awake dhewe pas nyopir, kadhang ora ngga­ tekake spion,” karo minggring-minggring Kang Doblin aweh rembug. Kocapa, kabeh padha kudu ngati-ati menawa arep nyopiri trek lan lewat panggonan sing gawe cilaka mau. Saking ngati-atine banjur pada mijet klason, kaya-kaya panggonan mau malih krasa wingit. Apa maneh bareng ana kabar Lek Karso Cepuk sambat aras-arasen nyopir, ora urung para sopir banjur

Nalika Rembulan Bunder | 97