Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/109

Kaca iki wis divalidasi

padha melu wedi. Masalahe Karso Cepuk klebu sesepuhe para sopir.

“Sing dirasakake apa, ta, Mas?” pitakone Kreneng nalika jam telu sore Karso Cepuk, bojone, wis tekan ngomah. Karso Cepuk nyawang sisihane kanthi rasa salah. Nggrantes.

“Sajake omonganmu wingi bener, Neng,” sumedhot merga karo dibarengi ngulu idu.

“Omongan sing endi, ta, Mas?” pitakone karo nyoba negesi. Bubar nyruput wedang anget, Karso Cepuk ngomong.

“Masalah anggonku lali nyumbang... Aku krasa panganku rada mampet,” semaure kaya wis kampiun nyawang lan ngrasakake kahanan.

“Ana apa, Mas?” Kreneng takon karo kebak geter keweden.

“Anggonku nyopir ora tenang, sarwa tratapan. Kaya-kaya ana wong pating sliwer ana ngarep trek, nganti aku kerep ngerim dadakan,” semaure aweh alesan. Pikirane katon montang-manting. Kedeleng saka garis-garis bathuke gunggung lima, nyangga pikiran sing abot. Sisihane mikir.

“Lha, kira-kira ana kedadeyan nyalawadi apa, ta, Mas?” ndhredel anggone miyak omongan. Karso Cepuk nyawang maneh.

“Jare wingi esuk ana korban saka trek sing tak sopiri...”

“Mas Karso nyrempet uwong?” pitakone ndhedhes. Mripate mendelik.

“Ora, prongkolan watu gedhene sak helm tiba. Wong numpak pit montor ana mburi trek sing tak sopir ora bisa ngerem. Nabrak watu mau, tiba banjur saiki diopene ana daleme Bu Siti,” nrithik anggone njelasake. Kreneng ngulu idu pait. Pait banget. Mbayangake wong tuwane dhewe mbok menawa keterak nasib kaya mangkono.

“Terus mau bengi aku ngimpi, Neng, kentepan watu. Lorone pol. Aku sambat, banjur mbok gugah!” Karso Cepuk nyoba ngudhar impen. Kreneng mung mlongo.

98| Antologi Cerkak