Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/110

Kaca iki wis divalidasi

“Ooo, mau bengi, ta, Mas?” bacute Kreneng aweh penebak. Karso Cepuk njaluk wedange dijoki anget. Kreneng nyawang yen bojone bener-bener nandhang keweden. Apa maneh bareng isuke nyoba pamit ora nyopir merga keweden anane gambaran wong-wong sing pating sliwer. Luwih aneh maneh, sanadyan pikiranne wis diselehake, impen kentepan watu –dudu lemah, dudu lungka, dudu lempung– bali nindhih pikirane maneh. Meh saben wengi Karso Cepuk ngimpi ketindhihan watu. Nganti sambat angel ambegan. Nalika Kreneng nyoba gage-gage njupukake wedang kareben pikirane Karso Cepuk lerem, nanging arep nerusake turu ya ora gampang. Perlu wektu paling ora sak-jam-an. Digathuk-gathukake karo tegese impen, watu mau kudu diudhar.

“Yen aku dientepi impen kaya mangkene lak banjur kurang turu, ta, Neng? Kono ngerti dhewe, piye nasibe para sopir sing padha kurang turu. Ana sing nabrak omah, warung, lan wit gedhe pinggir ndalan,” Karso Cepuk mbabar pengalamanne kanca nyopir.

“Piye, Pak, yen sowan Kiai Sono Jenggot?” kemleyang uka­ rane Kreneng. Nemplek plek ana sing dikarepake Karso Cepuk. Praupane Kiai Sono Jenggot sing resik kaya-kaya aweh pitutur. Mula ing wayah sore, lelorone banjur nggenjrit ana daleme Mbah Sono Jenggot. Panggone ana desa Penggaron, cedhak langgar, sakwise nyabrang rel sepur arah stasiun Alas Tua tumuju Purwodadi. Grimis pating pletik tumiba alon-alon.

“Ora ngeyub, Mas? Sirah tua mengko yen masuk angin,” Kreneng samar.

“Meh tekan, satus meter maneh,” semaure Karso Cepuk. Pit montor ujug-ujug wis menggok pekarangan. Mbah Sono wis ana ngemper. Eseme sumringah.

“Matur nuwun, geneya padha kersa tindhak rene,” anggone mbukak omonga nyenengake. Kabeh alon-alon mlebu nhomah.

“Inggih, Mbah, padhe matur. Wonten reribet ingkang ngga­ngu tilem kula saben ndalu, mbok menawi wonten sawijinng

Nalika Rembulan Bunder | 99