Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/111

Kaca iki wis divalidasi

tanggung jawab ingkang kedah kula tindakaken?" ngati-ati anggone nggiring rembugan.

"Ngimpi ketiban watu, lemari, apa sepur?" pitakone nandhes. Karso Cepuk nyawang bojone. Titis temen pitakone Mbah Sono Jenggot. Dhadhane Karso Cepuk gemeter. Keweden, piye yen nganti impene ora mung ketindhihan watu nanging ketindhihan sepur pirang-pirang gerbong, bisa angel tangi!

"Inggih, Mbah, leres, kentepan sela, mbok menawi menapa wonten gandheng cenengipun kalih lungka tumiba wonten mergi saking trek ingkang kula sopiri?" pitakone memelas. Rasane kaya sidhang pesakitan nunggu swarane hakim campur jaksa sing uleng-ulengan.

"Iya pancen ngono, awakmu kudu ngati-ati. Terpal plastikmu kudu tenanan anggonmu ngrukup. Dalan iki dudu duweke pejabat, direktur, manajer, pimpinan, nanging minangka lurung kanggo golek pangane wong akeh," anggone mbiyak pikiran nunjem tenan.

"Leres, kula sadhar, lajeng menapa ingkang kedah kawula tindakaken, Mbah?" rasa wedine tambah mbabrah. Rasa gemetar krasa saya kenceng. Mili santer ana sak dawane aliran getih ana ing awake.

"Sesuk, cepakna sangu sak cukupe. Sorene karo aku tilik wong sing kelaran ketindhihan pit montor merga nabrak watu saka trek sing mbok sopiri," pituture mrenahake. Nglangut anggone mikir Karso Cepuk. Dom gunggung atusan kaya namplek sirahe.

"Nuwun sewu, piyantun ingkang dados korban menika sinten, Mbah, namung badhe mangertosi rumiyin kemawon," anggone ngenyang karep tenanan. Mbak Sono Jenggot nyawang Karso Cepuk.

"Korban mau jenenge Pawiro Punjul, adhi ipeku dhewe..." semaure Pak Kiai. Klepek! Karso Cepuk bangkemen. Arep omong krasa kekunci. Apa maneh pikirane: Buntet!

100 |Antologi Cerkak