Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/113

Kaca iki wis divalidasi
Kesripahan
Al Aris Purnomo


Jaman biyen, ing padhusunan, menawa ana kulawarga sing kesripahan mesthi tangga teparo lan kabeh warga dhusun eng­gal tumandang sabisa-bisane saperlu tetulung ngentheng-enthengi sing nembe kelangan kulawarga. Lan kabeh sabiyantu kanthi tulus ikhlas, tanpa sangga runggi.

Ing wektu-wektu saiki, saperangan kerukunan kuwi kaya­ dene kagerus dening owah-owahan sikep utawa perilaku. Ana saperangan warga sing wis ora peduli karo kahanane sing kesri­pahan. Rasa pangrasa kaya-kaya wis ilang, sing dipentingke kaha­nan kepenake awake dhewe-dhewe.

Nanging ora kabeh warga padhusunan kaya mangkono, isih akeh warga padhusunan sing tansah nggondheli kerukunan lan tulung tinulung. Warga sing mangkonokuwiisih luwih akeh cacahe tinimbang sing luntur rasa pasedulurane. Saben dhusun duwe adat sing mirunggan, ora bisa digebyah-uyah, utawa di­padhakke. Lan uga saben dhusun kuwi duwe warga sing sikepe maneka warna, beda-beda anggone nglakoni sesrawungan.

Kaya sing dumadi ing dhusun Gelangkuning, nalika ana kesripahan enggal padha kabar-kinabaran. Jaman saiki kabar eng­gal sumebar liwat ha-pe, wis akeh grup-grup ing medsos. Pada­tan saben dhusun wis duwe grup, sing isine ya awarga dhu­sun kuwi.

Nanging ya isih ana saperangan warga sing babarpisan ora tepung karo HP android utawa smartphone. Mesthi wae anggone kabar kinabaran ya kanthi lelahanan.

102।Antologi Cakak