Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/114

Kaca iki wis divalidasi

“Sapa? Lik Idi? Lha, jare wingi wis mari larane?” pitakone Jarman.

“Iya Lik Idi seda. Yen bab kuwi wis mari larane ya embuh..., aku ora ngerti. Wis gek ayo mlumpuk menyang omahe!” tem­bunge Martondi.

Ana wong telu sing rembugan ing prapatan kuwi. Jarman, Martondi, lan Niyan. Enggal wae padha mlangkah ngener omahe Lik Idi, dene Niyan kandha jare arep mulih dhisik, pamit anak bojone.

“Halah..., Niyan kae engko rak ya ora mara menyang sing kesripahan, ngerti apa sebabe?” tembunge Jarman lirih.

“Ngerti..., dheweke jarene bisa ngerti badan alus utawa lelembut, mulane dheweke ora nate mara menyang kesripahan, jalaran tansah weruh sukmane wong sing mati kuwi. Dheweke rumangsa ora kepenak. Pangrasane dadi goreh saben ngerti suk­ mane sing mati kuwi. Jarene,lho....He...he...he.... Kowe percaya ora karo kaya ngono kuwi?” Martondi genti takon.

“Halah..., mbeltut! Wedhus gembel mambu entut! Kuwi mono mung alesane wong wegah repot. Aku percaya bab anane lelembut, nanging bab tembunge Niyan kuwi, aku ora percaya! Lan kowe ya wis ngerti dhewe watake Niyan kae gur seneng golek kepenake awake dhewe. Kabeh wong Gelangkuning kene ya wis ngerti piye tingkah lakune.”

“Iya. Eh, Kang Jarman..., dakkandhani...,” Martondi nye­dhak lan kandha lirih ing kupinge Jarman.

Jarman manthuk-manthuk karo ngathungke jempole. Mar­tondi lan Jarman katone duwe rantaman, awit wong sakloron kuwi banjur cekikikan guyune, karo mlaku ngener omahe sing kesripahan.

Ing omahe Lik Idi, kahanan wis rame. Pujinah bojone Lik Idi katon susah, nanging nyoba ditatag-tatage. Wawan lan Seno, anake Lik Idi sing wis gedhe-gedhe katon tatag. Rembugan karo para kadang tangga teparo amrih lancar anggone ngrukti ragane wong tuwane. Tangga teparo wis tumandang gawe. Ana sing

Nalika Rembulan Bunder | 103