Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/115

Kaca iki wis divalidasi

masang tendha ana ngarep omah. Ana sing njupuk kursi ing bale dhusun, dinggo cawisan papan lungguh tumrap sing layat. Para kawula mudha enggal golek silihan balapecah lan klasa. Ana uga sing nulis gawe layang lelayu menehi kabar marang warise sing nembe kesripahan.

Para paraga pangrukti laya enggal tumandang kanthi cukat. Direwangi ibu-ibu sing ngangsu banyu kanggo nyuceni jena­sahe Lik Idi. Sanadyan wancine bengi, ora dadi alangan kanggo nyambut gawe. Jenasah dirukti miturut kapercayane sing seda kuwi. Ora suwe, anggone ngrukti layon wis rampung, layon banjur dipapanke ing tengah omah, dirubung para kadang sanak mitra.

Para punggawa dhusun rembugan sapa wae sing entuk giliran bedhah bumi, utawa gawe karasan ing kuburan. Ing dhusun Gelangkuning kuwi ana sing disepuhke, lan dipercaya duwe kaluwihan nemtokke papan ngendi ing kuburan dhusun sing kudu dibedhah. Lan nyatane sasuwene iki tansah titis, nalika ndhudhuk lemah ora nabrak watu gedhe. Kamangka ing kuburan kuwi prasasat kaya lumbung watu. Saliyane watu sing katon pating jenggeleg ing dhuwur lemah, akeh watu sing kependhem ing njero lemah. Mula kudu ngati-ati anggone bedhah bumi. Padatan paraga bedhah bumi dumadi sapa pawongan cacah wolu. Nanging yen layon kudu enggal dikubur, padatan wong sing bedhah bumi ditambahi cacahe, bisa wong sepuluh.

Wis ditemtokke kalamun layon bakal dikubur dina sesuk sawise karasane dadi. Wengi kuwi akeh warga sing melu melekmelekan, ngancani batih sing nembe kesripahan. Akeh tangga teparo sing nggawa panganan saduwe-duwene, kayata pohung, gedhang, lan liya-liyane, pamrihe kanggo cegah lek utawa amrih betah melek. Bab kaya mangkono kuwi wis lumrah. Biyen padatan disambi karo dolanan kertu, nanging saiki wis ora. Nalika padha lek-lekan kuwi ana kabar, kalamun Niyan tiba kejlungup ing kalen ngarep omahe. Miturut critane Maskun,

104।Antologi Cekak