Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/116

Kaca iki wis divalidasi

maratuwane Niyan, jare kepleset. Krungu crita kuwi, Jarman lan Martondi ngampet guyu.

“Jarene kulina weruh lelembut..., kok bisa kamigilan weruh memedi, banjur mlayu niba-tangi karo gidro-gidro..., nganti kecemplung kalen. Hehehe... ,” grenenge Jarman lirih.

“Lha, anggonmu polah ya kaya setan tenan! Aku dhewe ya melu wedi nggondheli dhadhungmu! Hihihi...,” Martondi uga kandha lirih, amung Jarman sing krungu.

Pranyata Jarman lan Martondi pancen sengaja njahili Niyan. Wong loro kuwi anyel karo sikepe Niyan sing tansah nylinthut ora gelem rewang-rewang nalika tanggane kesripahan, mula banjur nekad medeni Niyan kanthi reka-reka dadi setan mabur. Lan nyatane Niyan pancen keweden tenan, nanging ora wani blaka karo wong liya. Awit yen blaka genah yen bakal kisinan.

Wengi kuwi, warise Lik Idi sing saka laladan liya wis padha teka layat. Udakara cacah wong selawe. Ora mung teka wong thok, nanging uga nggawa ubarampe kanggo mbiantu abot repote sing nembe kesripahan.

Kabeh redana lan sumbangan saka para kadang mitra, dipasrahke marang Sitar, sedulure ipe Pujinah. Lan Pujinah wis pasrah kepiye anggone ngecakke butuh kanggo ngrampungi ubarampe sing dibutuhke.

Dina teruse, akeh pelayat sing padha teka. Adat ing laladan Gelangkuning sakiwa tengene, wujud bela sungkawa kuwi ana sing menehi sumbangan wujud dhuwit, nanging uga ana sing me­nehi wujud barang. Padatan para ibu padha nggawa beras, gula, lan teh. Saliyane kuwi kanggo ngenteng-enthengi sing kesri­pahan. Pihak dhusun menehi bantuan redana sethithik kang­­go ngrukti layon. Kuwi wis dadi kesepakatan ing rembug dhusun.

Tabuh sepuluh esuk, karasan wis dadi. Bab kuwi dingerteni nalika sing kirim wedang marang tenaga bedhah bumi wis bali menyang omahe sing kesripahan. Upacara ngangkatke layon

Nalika Rembulan Bunder | 105