Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/117

Kaca iki wis divalidasi

menyang kuburan enggal kawiwitan. Adicara ditindakke dening para punggawa dhusun.

Rampung adicara diteruske ngangkat layon dening batihe direwangi para kawula mudha. Anggone nggawa menyang ku­buran nganggo montor pikep bukakan duweke Warkito. Montor pikep kuwi uga sing kanggo wira-wiri ngusungi ubaram­ pekesripahan. Warkito dhewe wis ikhlas montore kanggo kaya mangkono. Babarpisan ora duwe sanggarunggi.

“Montore wis dilambari debog rung?” Warkito takon ma­rang Sukan.

“Wis Kang. Wis cumawis pokoke,” wangsulane Sukan.

Arak-arakan warga sing ngetut lakune montore Warkito akeh banget, ana sing numpak pit montor, ana sing mlaku. Wusanane, upacara pangrukti layon ing kuburan wis paripurna. Layon wis kelakon dikubur. Kabeh warga sing melu menyang kuburan banjur padha bali. Ana sing bablas mulih, nanging uga ora sethithik sing bali menyang omahe Pujinah, ngringkesi ubarampe sing kudu dibalekke maneh menyang papane sekawit.

Nalika montore Warkito bali menyang omahe sing kesri­pahan, kursi silihan wis dilumpukke kari ngangkut mbalek­ke menyang bale dhusun. Kursi wis diusungi dening Warkito lan para kanoman. Tendha wis dibongkar. Bala pecah enggal di­ lumpukke dening kang kajibah golek silihan. Sawise ngulihke kursi, montore Warkito wis bali maneh, cumawis kanggo ngulihulihke ubarampe liyane.

Ibu-ibu tangga teparo wis nyawisake panganan sawetara kanggo para tenaga sing rewang. Panganane mung prasaja, nanging wis bisa ngganjel weteng dimen tetep duwe tenaga. Iya nalika padha mangan bebarengan kuwi, sisan padha ngrembug redana apa wae sing kudu dicukupi. Dhuwite njupuk saka dhuwit layatan.

Kabeh ubarampe dicukupi wektu kuwi uga. Ibu-ibu lan punggawa dhusun makarya kanthi cekat-ceket.

106 | Antologi Cekak