Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/118

Kaca iki wis divalidasi

“Aja lali..., montore Warkito ya butuh ngombe,” tembunge Pak RT.

“Nggih, Pak. Sampun dicathet, pokoke beres,” wangsulane salah sijine ibu.

Jarman lan Martondi isih ibut ana babragan utawa entrag pawon, nggoleki gelas lan piring silihan, awit gelas durung ketemu cacah papat. Nalika mbiyaki resak tilas wungkus tempe ing ngisor babragan, ora sengaja Martondi nemu tas plastik lorek, nalika dibukak isine amplop sepirang-pirang, isine dhuwit. Martondi menehi sasmita marang Jarman.

“Ana apa?” Jarman nyedhak.

“Katone iki sengaja didhelikke, wis ayo genti didhelikke, mengko wae dipasrahke marang Yu Pujinah.”

“Woooo..., kurangajar tenan! Katone rewang-rewang malah golek kalodhangan kanggo nylinthutke dhuwit! Yen ora kleru tas plastik lorek kuwi sing digawa rombongan warise Yu Pujinah sing saka Damarpitu, sing teka mau bengi kae, lho!”

“Iya. Aku kelingan. Genah yen iki..., plastike uga lorek. Eh, Kang..., sangertiku, mau mbengi kae, saliyane nggawa tas lorek iki, uga padha nggawa tas plastik ireng sepirang-pirang, lho?”

Jarman tanggap, mula wong loro kuwi enggal ngubres resak-resak sing ana sakiwa tengen pawon. Tenan, ana plastik ireng sepirang-pirang kurugan resak godhong jati, mapane ing cedhak lesung. Isine gula, teh, roti, lan liya-liyane. Martondi lan Jarman enggal njupuk kabeh kuwi banjur genti didhelikke ndhuwur tumpukan kayu ing kandhang wetan pawon.

“Kok ya isih ana wong sing slinthutan ing kahanan kesri­ pahan kaya mangkene.., muga-muga wong kaya mangkono kuwi gek sugih.. tur kemalingan!” tembunge Jarman.

“Hush..., ora kena omong kaya mangkono!” Martondi ngelingke.

“Hehehe..., aku ya mung guyon.”

Nalika Rembulan Bunder | 107