Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/12

Kaca iki wis divalidasi
Aku Kangen Omah
Pensil Kajoe

Omah warna coklat sing madhep sisih wetan, yaiku omahe wong tuwaku. Omah sing dadi mula bukane awakku lair ing dunya. Ana rong wit jambu dersana ing pekarangan. Nalika isih bocah, aku asring menek wit jambu lan njupuki woh sing daklebokke ing klambi kanggo gantine kantong kresek.

Gagat esuk, manuk rame padha ngoceh, mlumpat saka tetesing bun sing ana ing gegodhongan. Sing paling selesa ing bumi yaiku ing omahe wong tuwaku. Ing kono ana rasa tresna sing ora ana pungkasane, aku wis sinau akeh perkara ing kene.

Ing sawijining dina, aku metu saka omah tanpa dingerteni ibuku. Aku banjur dolanan karo kanca-kanca nganti lali wektu, ora krasa yen ibu nggoleki aku. Nalika semana aku isih bocah, mula aku ora ngerti kaya ngapa kuwatire wong tuwa yen anake durung mulih nganti wengi.

Kupingu dijewer dening ibu lan ditarik nganti tekan omah. Aku ora wani nglawan apa maneh nyuwara. Amarga iki salahku, aku sing luput lunga dolan ora pamitan.

"Bocah bandel, ayo mulih," swarane ibu digedhekake.

Kuping tengenku ngrasakake kaya-kaya dientup tawon, driji penudhuh lan jempole ibu saya ditutup kanthi rape ing kupingku nganti katon abang. Tekan omah, aku ora wani ndeleng pasuryane ibu. Aku ngerti kabeh wong tuwa uga kaya ngono amarga tresna banget maring anake.

Nalika Rembulan Bunder | 1