Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/120

Kaca iki wis divalidasi
Kunjara
Tri Martini

Aku percaya yen saben manungsa mesthi duweni pang­ gonan kanggo nyepi utawane ngedoh saka ramene perkara ka­donyan. Mengkono uga aku, ora beda adoh karo wong-wong liya sing asring ndhekem neng kamar, jarang sapa aruh, apa maneh lelungan suwe-suwe saka omah. Kamar cilik ukuran 3 x 3 meter sing dicet warna ijo pupus gedhang tansah dadi panggonan pertapanku, panggonan kanggo nguda rasa, nyambut gawe, ngetokake uneg-uneg, lan isih akeh liyane. Kuwi mulane dudu kepenginanku, ananging sangsaya suwe merga wis dadi paku­ linan malah dadi nyaman. Lair saka kulawarga kang prasaja lan pas-pasan. Yen pas butuh tembe ana, ndadekake ibuku ndhidhik anak-anake sarwa kenceng. Utamane marang awakku, anak ragil wadon siji-sijine. Bebasan kaya manuk emprit sing dideleh ana kurungan, yen wayah mangan kon mangan, wayah muni kon muni, kudu manut marang majikane. Mengkono kurang luwihe kahananku ana ing omah. Pancen ora salah yen saben wong tuwa mesthi duweni kekarepan supaya anake gedhe tuwane bakal dadi wong sing sukses lan kepenak. Ananging, carane ibuku sing terkadhang ora pas miturutku. Apa kuwi sing diarani “apa sing apik miturut awakmu durung temtu apik miturut wong liya.”

Ibu, sapa wonge sing ora seneng yen duwe ibu sing lemah lembut, kebak tresna asih, alon pangandikane, ora tau mbesengut? Lah, kabeh bocah mesthi ngangen-angen duwe ibu sing kaya mengkono, klebu aku. Dudu aku ora sayang karo


Nalika Rembulan Bunder।109