Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/121

Kaca iki wis divalidasi

ibuku. Dudu aku ora trima duwe ibu. Nanging, sasuwene aku urip wis meh seprapat abad rasane aku ora bisa ngidakake sikilku dhewe. Sakabehane kudu nganggo idin saka ibuku. Awit aku isih cilik nganti sakmene gedhene. Saka milih sandhangan, milih sekolah, nganti milih jurusan kuliah. Kelingan nalika semana, isih wayah istirahat keloro aku lungguh neng ngarep kelas karo nyekel lembaran pilihan panggonan lan jurusan kuliah saka guru BK. Durung nganti aku nulis pilihanku, Ningrum teka nyedhaki lungguh neng sisihku.

“Piye Mar, kowe meh kuliah apa kerja wae?” pitakonane Ningrum mbuyarake lamunanku.

“Hmmm, apa, piye, kowe takon apa Ning?”

“Hoalah, Mar, Mar, ditakoni malah balik takon. Kowe arep kuliah apa kerja?”

“Oooh, ketoke aku arep kuliah, nanging aku isih bingung arep milih jurusan sing dikarepake aku apa dikarepake ibuku”

“Lha, kowe pengine jurusan apa? Apa kudu manut karepe ibumu, ta?”

“Kowe, lho, kaya ora ngerti ibuku wae. Ning. Nek ibuku pengin apa, ya, kudu kelakon apa karepe. Ora bisa liyane. Sak­ jane aku pengin njupuk jurusan psikologi tapi karepe ibuku kon mlebu jurusan guru wae. Sing penak kanggone cah wadon.”

“Ya, wis, Mar, Mar, kowe ora bisa nolak, nek, ibumu wis ngongkon kaya ngono.”

Ningrum, kanca kenthelku kawit SD pancen wis paham kaya­ngapa wateke ibuku. Mula dhek jamane SMA meh milih jurusan kuliah wae dheweke ora wani takon kenangapa aku milih jurusan psikologi, sarehning wis ngerti kuwi ora bakal

kelakon. Nganti saiki aku wis lulus kuliah aku isih sering dolan marang omahe Ningrum kanggo sambat perkara ibuku. Apa maneh saiki nalikane aku wis kepengin metu saka sekolah swasta ning dhaerahku. Saben dinane aku kudu kandel kupinge ngrungokake unen-unen kang kawetu saka ibuku. Senajan

110 । Antologi Cekak