Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/122

Kaca iki wis divalidasi

aku wis paham kayangapa wateke ibuku, nanging tetep wae kadhang apa sing dikandhakake gawe atiku gela. Terkadhang aku mung bisa ngempet ning jero kamar, ngusapi banyu mata sing mili neng pipi.

“Enggane wong neng kana-kana wae akeh sing angel nggolek pegaweyan iki malah arep nguja-nguja metu, merga ora betah. Ujare anak wong sugih, apa piye? Mbok, ya, mikir golek gaweyan kan ora gampang. Duwe anak wadon siji wae kok ya angel tenan diatur.”

“Wis, ta, Bu, aja diterus-teruske. Ben sakarepe Maryani meh kerja neng endi.” Bapak nyoba ngedhem-dhemi ibu.

“Ora bae, Pak, awake dhewe kuwi kudu rumangsa. Rumang­sa wong ora duwe, ya, kudu prihatin. Nek, kepengin suk­ses ya kudu gelem rekasa ndhisik. Panjalukku kan mung siji, Pak, kepengin duwe anak bisa dadi pegawe negeri. Amarga anak lanang ora bisa dadi pegawe, ya anak wadon. Eh, iki wis lagi mulang gari nunggu ndaftar wae kok malah kepengin metu. Jarene arep gawe bisnis. Modal saka ngendi, Pak.”

“Mengko kan mesthi ana dalane, Bu. Mbok ya sing sareh, aja nesu-nesu kaya ngono, lho!”

“Tetep wae, Pak, sing jenenge bukak usaha kan kudu ana dhuwite, kudu telaten, ora bosenan. Mendhing dadi pegawe ne­geri gaji saben wulan wis jelas, durung maneh jaminan hari tuwane. Dheloken kae Mbak Wiji, anake Bu Kus, saiki wis dadi pegawe negeri neng Bandung uripe kepenak, ora kurang apa-apa. Wong kon urip kepenak wae kok angel men, Ndhuk, Ndhuk.”

“Halah, Ibu bisane mung nyawang, ora ngerti wae kepiye angele siki dadi pegawe negeri,” batinku sing lagi lungguh neng jero kamar karo melu ngrungokake omong-omongane bapak lan ibu ing ruwang tamu.

Sapa wonge sing ora kepengin nyenengna wong tuwa. Urip kepenak, syukur-syukur bisa njujug marang Mekah lan Madinah. Kan mengkono umume kepenginane wong neng donya. Aku

Nalika Rembulan Bunder | 111