Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/123

Kaca iki wis divalidasi

ya kepengin kaya mengkono, nanging aku kepengin nganggo caraku dhewe . Dadi wong sing bisa sukses merga kerja ana ing ba­bagan sing taksenengi, dudu kapeksa. Takira saka sekolah nganti kuliah aku wis cukup manut marang wong tuwa, khususe ibu. Sregep sinau, ora tau dolan klayaban, ora pacaran, ora anehaneh, pokoke dadi bocah sing lempeng aja nganti gawe prakara sing gawe wong tuwa susah. Apa kurang cukup? Senajan aku durung bisa disawang dadi wong sukses, nangin aku kepengin ngadeg dhewe , nglakokake apa sing pancen takkarepake, dudu karepe wong liya, apa maneh supaya disawang wong liya yen uripku kepenak.

Sangsaya suwe aku kaya urip neng kunjara. Yen arep ngla­ ko­kake samubarang kudu ana surat idine, ora bisa sakepenake dhewe. Apa bae sing metu saka lathi kudu dingati-ati. Apa bae sing arep digawe kudu cawe-cawe. Saben dina namung mbaleni pagawean sing padha, sing mbedakake mung awan, bengi, lan penanggalane. Ora ana sing nyenengi blas. Nanging, nek ke­pengin neng umah tentrem ya kudu kaya ngono. Upamane ana sing beda langsung wae kaya katekan ombaking segara. Jedhar-jedher ora ana mandhege. Aku ora gething marang wong tuwaku. Aku ora sengit marang ibuku, ananging aku ku wi dudu golek utawane robot sing bisa obah yen diwehi batre. Aku duwe pemikiran dhewe , aku ya duwe kekarepanku dhe­we. Kenangapa ora ana sing tau takon apa sing takpengini? Ke­na­ngapa ora ana sing ngerti? Aku kaya ora duwe bala neng omahku dhewe. Kabeh kudu patuh, kabeh kudu manut marang Sang Raja Omah.

Kahanan kang ora gawe nyaman ing ati sering gawe aku kepengin lunga saka omah. Golek kerja ing rantau supa­ yane ngekos sing mulihe ora mesti. Bab mengkono sering tak­ kandhakake karo Ningrum yen aku lagi sebel ning omah.

“Ning, aku kepengin ngekos wae. Nek ora, ya nggolek erja sing adoh lah. Ben ora omah-sekolah, omah-sekolah terus, bosen.”

112 । Antologi Cekak