Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/124

Kaca iki wis divalidasi

“Ana apa maneh? Mesthi kowe gawe ibumu dadi rewel ya?”

“Hehe, kowe kok ngertian men, Ning.”

“Lah ya apa meneh, kowe mrene nek ora sambat ya paling nunut turu,” jawabe Ningrum karo nyuguhake wedang bening maring meja neng ngarepku.

“Kepiye arep betah neng omah, Ning. Apa-apa sing taklakokna mesthi salah neng mripate ibuku. Ora tau ketiban bener. Apa maneh nek akhir bulan kaya ngene, mesthi bunek pisan. Salah sithik wae bisa geger.”

“Lha kowe kan wis ngerti kepiye ibumu, mbok, ya ngalah wae, ra usah neka-neka ngono, lho.”

“Kowe ngerti dhewe kan, Ning, nek aku bosenan. Bali mulang ora tau ngapa-ngapa. Ya wis, aku tak nyoba-nyoba gawe kerajinan tangan. E, sapa ngerti bisa payu takdol kanggo suvenir. Malah diseneni ibukku. Jarene macem-macem bae, senengane gawe rusuh omah. Paling sedina-rong dina mengko, ya, bosen. Dhuwite dimubah-mubah kanggo nukoni benang, lem, kaya kuwi ora eman-eman.”

“Aku nelangsa, Ning, aku gela. Saben-saben aku duwe kesenengan mesthi ibu ora sarujuk. Karepe, aku kon mung dadi pegawe wae. Durung maneh nek dibandhing-bandhingke karo anake kancane ibukku sing wis dadi pegawe negeri. Jan, rasane atiku keranta-ranta. Pengorbananku sasuwene iki kanggo nuruti kepenginane ibukku ora nate katon. Ibu ora tau bangga karo awakku. Sing sekolah gratis tekan kuliah entuk beasiswa mbarang, ya kaya ketutup neng ibuku. Apa sing tak lakoni jere durung bisa gawe seneng atine ibuku. Kayane nek aku durung dadi pegawe negeri, ibuku isih bakal terus misah-misuh kaya ngono ta, Ning?” Ora krasa aku ngucap banter pisan maring Ningrum kaya ngrapal mantra.

“Alon-alon, Mar, mengko ilatmu kecokot lho, ngomong­mu banter ngono.”

Nalika Rembulan Bunder | 113