Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/125

Kaca iki wis divalidasi

“Lah, piye meneh, Ning, wis ciri khasku kaya ngene, nek ngomong banter, apa maneh nek lagi dongkol kaya ngene.”

“Iya-iya, aku paham. Nanging, kowe kudu ngerti apa sing ibumu karepake ya merga piyambakipun sayang karo kowe, Mar. Ibumu kepengin supaya uripmu mapan, uripmu kepenak. Kan jere ibumu kepengin kowe dadi sarjana wae, sarehning ibumu ora lulus sekolah dasar babar blas. Mula kepengin anake sekolah sing dhuwur kan?”

“Iya, sih, Ning, tapi jan nek lagi duka kuwi hawane kepengin minggat saka omah. Ngerti ora?”

“Hus, ati-ati nek ngomong kowe ki. Ngko getun tembe tau rasa kowe. Eling, jenenge wong getun kuwi neng mburi udu neng ngarep. Mula, supayane kowe ora getun diati-ati nek ngomong. Kowe siki pancen lagi kesel lan sebel wae.”

“Lah banjur aku kudu piye, Ning. Rumangsaku aku wis nuruti apa wae sing diomongke ibukku. Kowe eling kan, biyen jamane SMA aku ora olih pacaran senajan aku abot merga wis duwe gebetan tapi aku manut ibuku. Eee saiki aku isih dhewekan malah ditakoni endi pacare,” aku ngunjal ambegan dawa.

“Hmmmm iya Mar, aku bisa ngerti apa sing mbok rasakna.”

Aku lan Ningrum dadi pada menenge nyawang adoh. Ora krasa cahya sing miki oren wis surup ndadekake langite malih dadi biru klawu. Kandhang ayam sing ana ing jejer omahe Ningrum ya wis rame merga sing duwe omah mulih. Speaker mejid ya wis ngundangi supaya padha nindakake kewajibane umat muslim. Aku uga melu njaluk pamit mulih maring Ningrum. Metu saka omah, nganggo helm, lan nyetater sepedha motor.Motor bebek takgawa alon-alon, ngelingi wayah sendekala biasane akeh wong pada mulih. Kewan-kewan cilik sedawane dalan sawah ya sok melu-melu nubruki kaca helm. Sedawane dalan, aku mikirake omongane Ningrum pas aku metu saka omahe.

“Wis, Mar, ora papa dibetah-betahke wae dhisik, saiki olehmu mergawe. Syukur-syukur kowe mengko bisa lolos

114 । Antologi Cekak