Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/126

Kaca iki wis divalidasi

seleksi pendaftaran CPNS taun iki. Anggep wae kekarepane ibumu ya cita-citamu. Muga-muga ya loro-lorone sing kowe kepengin bisa kasembadan. Merga ora ana sing bisa gawe awake dhewe luwih begja ketimbang kesandhing wong tuwa. Luwih begja maneh yen awake dhewe bisa ngijabahi kekarepane wong tuwa nalikane isih pada gesang. Aja nganti kowe getun neng mburi. Eling, luwih mendhing duwe ibu daripada ora Mar. Dadi sing semangat, ya,” omonge Ningrum sinambi ngeplak lengenku ning ngarep lawang omah.

Pancen bener omongane Ningrum. Aku ora bisa mikirake kesenanganku dhewe. Ndeleng kahanane Ningrum saiki sing kudu ngurus bapak lan adhine gawe aku sadhar. Aku bisa urip kepenak ora kurang apa-apa. Yen kepengin apa ya keturutan, senajan olehe kudu sabar. Bisa duwe penghasilan saben wulane, ora minder yen lagi kumpul-kumpul karo kanca sekolah. Dadi tuladhane sedulur-sedulurku sing luwih enom. Kuwi kabeh ya merga prihatine bapak lan ibuku. Aku ora bakal lali kepiye bapak anggone andhong mangkat Subuh kondur Maghrib. Ibu sing senajan neng omah wae karo buka warung cilik-cilikan nanging apa wae dicakra. Saka dodolan masakan, ngingu iwak, ayam sing kena didol nalika aku butuh kanggo bayar keperluan sekolah. Nanging, apa aku bisa lila, yen kudu terus-terusan nyimpen pangimpenku. Nahan nepsuku kanggo bisa nglakoni apa sing taksenengi. Kejaba saka iku, apa iya aku bisa gawe atine bapak lan ibuku bungah ndelok aku sing ora bisa nyembadani kekarepane wong tuwaku. Apa iya mengkono kuwi bisa nglerem hawa panas ing omahku. Gawe tentrem saben dinane kanggo wong tuwaku. Aku ora tega yen kudu nglarani atine ibuku. Aku bakale gela yen apa sing takpengini ora bisa kasembadan. Dhuh, Gusti, paringana dalan anggonku milih apa sing kudu taklakoni.

Lampu abang neng ngarepku ngandheg laju motor sing taktunggangi. Aku ngerem banter merga motorku jebul arep ngliwati garis wates zebracross. Atiku trataban, untung wae

Nalika Rembulan Bunder | 115