Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/127

Kaca iki wis divalidasi

ora ana motor utawane wong sing nyabrang neng ngarepku. Takdelok lampu lalu lintas, banjur nyawang marang gili neng ngarepku. Lagek wae aku kelingan, motorku ya kudu diempani, cicilane isih kurang pirang wulan maneh. Yen aku kesusu metu saka panggonanku saiki, arep nyicil nganggo apa? Nanggo godhong? Hoalah, kapan aku bisa urip bebas. Klakson saka mobil neng mburiku nggugah lamunanku. Lampu sing mikine abang wis malik dadi ijo. Aku langsung wae nggeblas, ngegas motorku supayane cepet tekan omah. Senajan wis neng separo jalan, aku esih bingung arep aweh alesan apa menyang ibuku merga aku mulihe telat, lali mau esuk ora idin dhisik. Muga wae ibuku lagi bombong mengko dadi ora ana ukara.

“Jan, yah wene, kok, tembe mulih, apa wis lali dalan omah. Ibu nganti kesel nyawang dalan, ngerti, Ndhuk?!”

Wangon, 28 Juni 2020


Tri Martini, asal Wangon, Kabupaten Banyumas.

116 । Antologi Cekak