Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/128

Kaca iki wis divalidasi
Lintang Kemukus

Gagat Rahina

Ki Sudadi

Wancine wus gagat rahina. Langit semburat abang dadi pepaesing jagad wetan. Warga muslim wis purna anggone salat subuh ing masjid. Bubar jamaah subuh ing langgar sacedhake omah, Lurah Waskito wis budhal mring tegal. Kaya padatan Mas Lurah sing isih mudha iki arep niliki tanduran melon sing wis umur sewulan. Umur semono kuwi wanci kang gawat. Akeh ama kang ngancam tanduran melon, mula para tani kudu taberi ngawat-awati tanduran. Yen lena kelakon pusa, wusana muspra. Wis kelangan arta ora entuk kaya. Satemah nelangsa.

Tegale Lurah Waskito manggon ing kidul desa. Mung numpak sepedha onthel, sinambi golek kringet, Mas Lurah wis budhal ninggalake omahe. Nanging durung wae ngliwati gapura wates desa wis keprungu suwara wong-wong sing padha alok, “Lintang kemukus! Lintang kemukus!” Bebarengan karo iku keprungu suwarane wong-wong sing saut-sautan.

“Kae! Kae! Kae lintange kemukus!”

“Iya. Masya Allah!”

“Ya Allah!”

“Kae banter nggeblas ngulon!”

La hawla wala kuwata!”

“Dhuh Gusti! Mugi tinebahna saking bebendu,” kandhane saweneh paraga sepuh sing rikmane wis putih kabeh.

Lurah Waskito banjur mandheg. Dheweke melu nyedhaki wong-wong sing isih ngadeg nggerombol, banjur melu nyawang

Nalika Rembulan Bunder | 117