Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/129

Kaca iki wis divalidasi

langit wetan sing lagi pamer kaelokan. Pimpinan Desa Karang Brojol iku kamitenggengen nyawang lintang sing metu kukuse mlayu banter ngulon parane. Lintang sing gedhene satebok lan nduweni buntut cahya kumencar kadidene kesaput pedhut iku kang katon kadidene kukus iku mlaku banter. Cahyane kencar-kencar sumorot madhangi langit sing lagi semburat abang. Kahanan langit sing padhang esuk kuwi mahanani lintang kemukus iku cetha wela-wela.

Lagi sepisan siji kuwi wong-wong Desa Karang Brojol nyumurupi jumedhule lintang kemukus. Kabeh padha nggumun, klebu Mas Lurah Waskito. “Mas Lurah, badhe wonten menapa nggih kok lintang kemukus jumedhul wanci enjing kados saniki?” pitakone Kang Salimin sing ngadeg cedhak Pak Lurah.

“Wah….aku dhewe ora ngerti Kang Salimin. Mugamuga wae ora mahanani bab sing ala,” wangsulane Pak Lurah ngadhem-adhemi kahanan.

“Menawi midherek pengalaman ingkang sampun dumados, saderengipun Gestok 65 niku nggih ketingal lintang kemukus, Mas Lurah,” ature Mbah Prana, priyayi sing rikmane seta.

“Panjenengan menangi rikala semanten nggih, Mbah?” pandangune Lurah Waskito.

“Nggih, Mas Lurah. Rikala semanten kula pun jaka. Ndilalah tiyang sepuh kula mboten remen politik, mila mboten kembet mrika-mriki. Tiyang sepuh kula niku tani utun, kok. Mboten ngertos upa bengkong urusan politik.”

“Perkawis lintang kemukus niku saestu nggih, Mbah?”

“Saestu, Mas. Kula jan nyekseni piyambak. Rikala semanten wancinipun nggih, kados dinten niki.”

“Wah…gawat. Ning nggih, saged mawon niku mung keleresan nggih, Mbah?”

“Nggih, Mas Lurah.”

“Nggih, pun saniki sing penting sami tenang rumiyin lan dipunkathahi anggenipun ndedonga. Mugi-mugi Gusti Allah

118 । Antologi Cekak