Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/13

Kaca iki wis divalidasi

Aku mlebu omah nganggo sandhangan teles. Rai, tangan, lan sikilku kebak karo lemah sing wis garing kaya kerak sega. Bapak sing lagi lungguh ing ngarep tivi mung glengok, aku weruh yen bapak mesem nalika pirsa kahananku sing kaya kebo gupak.

Aku kelingan wektu iku, nalikane tiba saka wit jambu. Dhengkulku njarem, pipi lan lengen sisih tengen suwek merga pang jambu sing dakcekel tugel. Aku pancen seneng banget me­nek wit apa wae, utamane wit jambu nalika musim woh. Jambu katon seger sing nggodha ilatku, pengin langsung ngrasakake. Tanpa wedi, aku terus menek, terus manjat nganti tekan dhuwur. Pang jambu rada luwih fleksibel dibandhingake karo wit liyane, mula aku ora tau mikir yen bakal tugel.

Nembe wae sikilku arep ngidhak pang sing sisih ndhuwur, keprungu swaran kraaakk…, aku kelangan imbangan, banjur bruuukkk.... Awakku terus ngambung watu plataran. Aku ora eling nganti sawetara menit. Nalika mbukak mripat, aku krasa lara ing dhengkul. Aku ngrasakake lengenku perih lan salah sawijining untu sisih ndhuwur tugel siji, aku nggremeng sungkowo.

"Ibu mau kandha apa coba? Iki minangka jalaran yen bocah ora gelem ngrungokake apa ing diomongake wong tuwa," Swara ibu keprungu saka ing jendhela kaca.

Sanajan ngono, tresnane ibu ora bisa ilang. Ibu njuran enggal-enggal mbukak lawang ngarep lan mlayu nyedhaki aku. Aku dituntun mlebu omah.

"Wis, lungguh. Ibu arep kompres supaya ora kena infeksi."

Aku manthuk karo ngangken lara, ing bagian sing suwek wiji pasir mlebu. Ibu mlaku maring mburi, tumuju pedhangan. Ora let suwe ibu metu maneh karo nggawa baskom plastik isi banyu es lan andhuk.

"Coba, rene dhengkule," ujare ibu njaluk tulung supaya sikilku dijunjung ben bisa luwih gampang olehe ngompres.

2 | Antologi Cerkak