Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/130

Kaca iki wis divalidasi

paring pengayoman dhumateng kita sami,” ature Lurah Waskito marang para warga kabeh.

“Nggih, Pak Lurah!” wangsulane wong sepirang-pirang meh bareng.

“Pun mangga ngayahi kewajiban sowang-sowang. Kula tak nuweni kebon melon kidul desa mrika.”

“Mangga, Mas Lurah, ndherekaken,” ature Mbah Prana. Bubar kuwi Lurah Waskita ninggalake wong-wong sing mlumpuk kuwi. Wong-wong enggal bubar lan bali ing omahe dhewe-dhewe, selak padha ngayahi kewajiban dina kuwi.

Saklimah pangandikane Mbah Prana tansah kacathet ning pikirane Lurah Waskito. Manut pengalamane Mbah Prana kuwi, jumedhule lintang kemukus jebul menehi pratandha ala. Karo nggenjot pit onthele, Lurah Waskito tansah mikir. Bakal ana lelakon apa kang tumempuh ing negara utawa cilike Desa Karang Brojol sakiwa tengene. Pikirane Lurah Waskita was-was. Dheweke nyoba nglelipur atine dhewe. Muga-muga kabeh rasa sumelang iku ora dumadi ing alam kasunyatan. Sinambi nyebut kuwasa-Ne Gusti Kang Mahaagung, Lurah Waskito tansah nyenyuwun muga-muga kabeh slamet tan ana godha, rencana, lan memala kang tumempuh ing negarane.

Let sedhela, Lurah Waskito wis tekan tegalan sing ditan­duri melon kuwi. Katon wit-wit melon sing ngrambat ing pring rambatan katon ijo royo-royo. Godhonge ngrembuyung ijo tuwa. Kembange kuning sing mekrok ing kana kene dadi pe­pasren tanduran. Tawon-tawon kumbang gemrenggeng angisep madune kembang. Wohing melon katon pating gran­dhul tinalenan rafia. Angger nyawang tanduran sing tuwuh subur kaya kuwi atine Lurah Waskito ayem. Dheweke terus mubeng, nanging sajake tanduran-tanduran iku butuh disiram. Saperangan maneh pucuke kedawan lan butuh dipotong.

Lurah Waskito wis rampung ngubengi tegalan. Dheweke kudu enggal mulih. Mengko ana ngomah bisa prentah marang

Nalika Rembulan Bunder | 119