Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/131

Kaca iki wis divalidasi

para buruh amrih enggal motongi pucuke melon. Banyune sing wis meh garing uga perlu ditambah. Biyasane mbutuhake diesel kanggo nyedhot banyu saka sumur sacedhake tegalan kono. Tekan ngomah, adus, sarapan, ngagem klambi dinas, Lurah Waskito terus budhal kantor kaya padatan.

Tekan kantor kabeh perangkat isih padha rerasan ngenani jumedhule lintang kemukus wanci gagat rahina kuwi. Ing antarane para perangkat desa meh kabeh percaya yen jumedhule lintang kemukus iku mujudake pirasat ala.

“Ngingingi lintang kemukus niku midherek Pak Carik pripun? Napa leres niku pirasat awon?” pitakone Pak Lurah marang Pak Carik sing wis sepuh.

“Kados mekaten, Pak. Cobi mangke dalu panjenengan kula aturi sowan Ki Guna. Piyambakipun kagungan kathah seserapan bab-bab ingkang kados mekaten.”

“Nggih cobi. Mangke kula taksowan wonten daleme. Daleme rak dereng pindhah. Taksih wonten Kedhung Pring ta nggih?”

“Leres, Pak”

Wengine Lurah Waskito kelakon sowan ana ngarsane Ki Guna, tokoh kasepuhan kang pancen pana ing pamawas, tur ya wis tuwa temenan. Umure wae wis luwih saka wolung puluh taun, ning awake isih kenceng. Kulite padha kisut. Rambute uga wis putih kabeh. Biyen jaman nom-nomane Ki Guna dadi pendhekar silat sing gamben. Rambute diore dawa lan bisa ngetokake geni. Mula Ki Guna uga disebut Pendhekar Rambut Geni. Wanci wis tuwa banjur didhapuk dadi kasepuhan. Ke­wajibane mung paring wewarah, pitutur, lan kawruh kebecikan anggayuh keslametane urip. Tuhu kinacek mula warga desa banget kurmat marang Ki Guna.

Nalika disowani Lurah Waskito, Ki Guna sing mangagem blangkon lan klambi lurik iku lagi udud klembak menyan kebal-kebul. Ngerti sing sowan dudu wong sembarangan, Ki

120 । Antologi Cekak