Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/132

Kaca iki wis divalidasi

Guna enggal menyat saka papan lungguhe. Age-age dheweke manembrama rawuhe Pak Lurah. Udude klembak menyan uga banjur dicecek. Sawise iku, Pak Lurah diaturi pinarak ing kursi palungguhan. Sawise bage binage, Lurah Waskito enggal matur mungguh gatine sowan.

“Pangapunten, Ki Guna, kula kepengin mangertosi pirasat menggah jumedhulipun lintang kemukus ing wanci gagat rahina kalawau enjing,” ature Lurah Waskito.

“Sampun dipunemataken kalawau lintang kemukus niku medal saking arah pundi lajeng mlampah dhateng pundi?”

“Ingkang dipunkersakaken arah lampahing lintang kemu­kus?”

“Nggih leres.”

“Saking wetan mlampah ngilen, Ki.”

“Nggih. Yektosipun kula ugi nyemerapi piyambak. Kula nyuwun priksa menika namung ngeyakinaken mbok mena­wi benten antawisipun ingkang kula tingali kalih ingkang panjenengan priksani.”

“Sami, Ki.”

“Manut primbon tilarane para sepuh ingkang sampun jumempana ing angin murud ing kasedan jati lan manggen ing alam kelanggengan, menawi wonten lintang kemukus jumedhul saking arah timur lajeng mlampah ngilen, menika paring pratandha bilih….”

“Pratandha menapa, Ki?” ature Lurah Waskito sajak notol.

“Ning panjenengan ampun kaget lan ajrih lho nggih?”

“Mboten. Pun siyap.”

“Menika pratandha bilih……”

“Prantandha napa, Ki? Kula selak mboten sabar.”

“Ngaten lintang kemukus mlampah ngilen wanci gagat rahina yektos pirasat menawi badhe kathah punggawa praja lan pimpinan negari ingkang nandhang sungkawa. Ning nyuwun pangapunten lho, nggih, niku wecane para nimpuna duking

Nalika Rembulan Bunder | 121