Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/133

Kaca iki wis divalidasi

uni. Kula namung matur sawontenipun. Mboten kula tambah. Mboten kula suda.”

“Nggih, Ki. Kula pun siyap nampi kahanan ingkang mboten sae.”

“Pun. Kados ngoten niku. Kula pitados sedaya perkawis duma­dos saking palilahing Gusti Pangeran ingkang Maha Wicaksana. Pramila mangga, dipuntikelaken anggenipun nde­ donga amrih caket lan saged nampi sih wilasaning Gusti.”

“Nggih, Ki. Sedaya pangandikan Panjenengan badhe kula bundheli. Cekap atur kula. Kula nyuwun pamit. Menika wonten sekedhar buwuh kangge tumbas mbako klembak menyan,” ature Lurah Waskito karo nyalami Ki Guna sinambi masrahake amplop isi sembulih sing cukup murwat.

“Ah, kok ndadak repot-repot Pak Lurah niku. Ning nggih, matur nuwun diparingi arta. Saged kangge tumbas wos.”

“Pareng, Ki.”

“Ndherekaken, Pak Lurah.”

Ora nganti sewulan saka jumedhule lintang kemukus wanci gagat rahina kuwi, kahanan ing Desa Karang Brojol wiwit akeh lelakon kang gawe susahe warga. Kawitane ana wong loro sing mulih saka Bandung, jenenge Yu Misnem lan Tinah. Kekarone nyambut gawe dadi asisten rumah tangga ing kutha gedhe kuwi. Mulih desa jare amarga bendarane sing dieloni kuwi kena lelara. Jare lelarane mung kayadene pilek, watuk-watuk, terus sesek, ora nganti suwe juragane kuwi wis tumekeng pati.

Wis pat belas dina Yu Misnem lan Tinah bali desa. Sekawit ora ana sing cubriya. Nanging ngepasi Misnem njupuk dhuwit PKH ing kantor kalurahan, dheweke krasa watuk-watuk. Ing kamangka awake Misnem krasa panas sing ora wajar. Para pung­gawa kalurahan wiwit cubriya.

“Mbak Misnem, mbok priksa ana puskesmas. Sajake kok nyu­ briyani. Saiki lagi ungsum kruma korona lho! Ngati-ati mundhak nulari liyane!” prentahe Pak Carik.

122 । Antologi Cekak