Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/134

Kaca iki wis divalidasi

“Nggih, Pak. Mangke kula tak priksa wonten puskesmas. Kajenge diterna Bapake Friesko.”

Manut karo pituture Pak Carik, Yu Misnem enggal mangkat menyang puskesmas. Mung sedhela dipriksa wis kadenangan yen Yu Misnem positif ketularan virus korona, mbok menawa wae ketularan juragane ing Bandung sing wis seda uga kena kruma sing nggegirisi kuwi. Temon anane warga sing kena korona ora wurung sumebar lan gawe geger. Petugas kesehatan enggal ngluru sapa wae kancane Yu Misnem sing mulih saka Bandung. Kanthi cepet petugas nyumurupi ana Tinah sing uga nandhang gejala sing padha karo Yu Misnem.

Petugas kesehatan dibantu aparat desa terus nglacak sapa wae sing wis kontak karo Yu Misnem lan Tinah. Asile pelacakan nuduhake wis wong akeh banget kang kontak karo wong lowo kuri. Desa Karang Brojol horeg. Kabeh padha was-was kaya ditekani macan loreng. Warta-warta sing sumebar nambah tintrim. Virus korona sing maune ana manca iku wis tekan desadesa. Para petugas kesehatan, polisi, TNI, aparat desa terus wae digawe ribet. Rina wengi ngurusi pasien lan wong-wong kang dinuga wis ketularan virus sing ganas mau.

Yu Misnem, Tinah, sakulawarga, lan wong-wong sing wis cedhak utawa sesambungan karo wong loro iku enggal dislametake pemerintah ing papan kang aman. Manut dhawuhe aparat negara, Desa Karang Brojol suwene pat belas dina kudu diisolasi, jalaran akeh sing dicubriyani wis ketularan Covid-19. Kabeh kudu ndhekem ana ngomah amrih ora nularake penyakit. Kumpul-kumpul dilarang. Wijik tangan kudu terus dilakoni. Saben dina uga kudu nganggo masker yen arep metu omah.

Sing dadi pikiran piye wargane sing ora duwe bandha lan pasedhiyan pangan cukup kanggo urip patbelas dina kuwi. Lurah Waskito sing kudu golek dalan. Piye nyukupi kebutuhan mangan ngombe saben dina. Yen ora dicukupi, kelakon padha kapiran.

Nalika Rembulan Bunder | 123