Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/135

Kaca iki wis divalidasi

“Pripun, Pak Lurah? Warga dhusun kathah ingkang kekira­ngan tedha menawi kawan welas dinten kedah ndhekem wonten griya. Pripun, Pak?” ature Bayan Karmin.

“Bandha desa dum-dumaken kangge sedaya warga.”

“Menawi taksih kirang?”

“Perangkat desa kedah wantun cucul. Kula piyambak siyap. Sapi kula badhe kula dol kalih kangge nyedhiyani pangan warga.”

“Nggih. Mangke kula ajak sedaya perangkat ndherek cucul bandha.”

“Tiyang-tiyang sugih lan para dermawan diajak.”

“Nggih, Pak.”

Bayan Karmin cekat trengginas tandange dhasar isih enom. Bandha desa, dhuwit dodolan sapi saka Pak Lurah, urunan dhuwit saka perangkat, lan bantuan saka dermawan wis mlumpuk banjur didum-dumake para kawula sing mbutuhake. Nanging kebutuhan wong sepirang-pirang. Sajake durung kecukupan.

“Pak Lurah, dhawuh sampun kula tindakaken. Warga ingkang mbetahaken sampun nampi. Tedha saged kecekapan. Ning taksih kirang malih.”

“Menapa malih?”

“Rokok, Pak. Niku pun sami wareg, ning taksih betah udud. Soale yen mboten udud kecut tutuke. Sing ibu-ibu sami betah wedhak, benges, parfum. Sing bocah-bocah betah arta tumbas pulsa kangge main games.”

“Adhuh….mumet temenan sirahku.”

“Terus pripun saene?”

“Nggih pun. Mangke patungan malih. Arta dodolan melon kula sing wonten kidul desa kula pasrahaken kangge warga. Mangke pemerintah kabupaten badhe nambahi sumbangan.”

Bejane ana bantuan saka pemerintah kabupaten. Pak Lurah rada entheng pikirane. Dhuwit dodolan panen melon ditambah

124 । Antologi Cekak