Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/136

Kaca iki wis divalidasi

donasi lan ngamal wong-wong sugih sing bara ing kutha bisa dijereng-jereng kanggo nyukupi kebutuhan pangan darurat, lan kebutuhan liyane. Panjaluke warga uga bisa dituruti nanging wujude bantuan dhuwit. Warga bebas anggone nanjakake jatah per KK kuwi.

Durung rampung ngurusi kebutuhan pangan kedadak ana maneh laporan marang Pak Lurah. Kang Bejo, Ketua Hansip teka sajak nggembol perkara abot. Sawise lungguh satata, Pak Lurah enggal takon dhodhok selehing perkara.

“Ketiwasan, Pak Lurah,” ature isih karo krenggosan.

“Ana apa maneh?”

“Dhusun Karang Brojol ketekan maling. Pun gangsal griya kebobol. Arta, HP, motor, mas-masan sami ical.”

“Dhuh Gusti nyuwun pangapura. Iki apa maneh? Kok maling wae melu-melu mlebu Desa Karang Brojol. Gek apa salah lan dosaku. Rumangsaku aku iki dadi pejabat ora tau korupsi, lelakonku kok werna-werna.”

“Pripun niki saene, Pak Lurah? Maling-maling sing neneka niku saya ndadra.”

“Saiki kudu digawe jadwal rondha. Nom-noman lan warga sing isih enom kabeh wajib melu njaga desa. Saben mbengi kudu siyaga ing pos perondhan lan patroli mubeng desa. Yen ana kang nyubriyani cekel bareng!”

“Nggih, Pak Lurah.”

Pak Lurah gedheg-gedheg. Bubar iku terus dheleg-dheleg, panggalihe digawe judheg. Judhege pikiran amarga tumekane lelakon. Kahanan desa tambah tintrim. Memala sumebar. Maling-maling teka kaya diumbar. Lurah Waskito sing isih mu­dha taruna iku kudu ngenam pikire. Masalah teka tumpuk undhung; pageblug Covid-19, ancaman keluwen, tumekane para durjana. Ing tengah wengi, sabubare salat tahajud Lurah Waskita rerasan ijen. Dheweke mbenerake ramalane Ki Guna ngenani jumedhule lintang kemukus ing gagat rahina kuwi.

Nalika Rembulan Bunder | 125