Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/137

Kaca iki wis divalidasi

Jebul iku dadi pratandha tekane dhuhkita. Para punggawa kudu nglakoni sungkawa. Kabeh kudu sabar lan narima, nampa mring kahanan. Ora lali becike kudu nikelake anggone tawakal, lan nyenyuwun marang Pangeran Kang Akarya Gesang. Mugamuga kabeh rubeda enggal sirna. Waluya jati. Jati temah waluya. Pulih ing sauna-uni.

Wadaslintang, 6 Mei 2020

Ki Sudadi, lair ing Sukoharjo, 19 Maret 1969. Saiki manggon ing Wadaslintang, RT 3, RW 2 bareng karo sisihane (Puji Rahayu, M.Pd.BI) lan anak lanang loro (Bima Afrizal Malna lan Rafi Rahman). Pendhidhikan pungkasan ing S2 Jurusan Pendidikan Bahasa Inggris, UNNES (lulus 2001) lan nyambut gawe dadi Kepala SMP Negeri 4 Wadaslintang, Wonosobo.

Prestasi ing donyane literasi: juara Lomba Nulis Esai Bahasa Jawa saka Panjebar Semangat (2015), penulis buku GLN Kemendikbud (2017 lan 2018), IC-Law Green Pen Award (2019), penulis cerita anak Balai Bahasa NTT (2020), penulis esai Kemenparekraf (2020), penulis naskah sandiwara radio Dinas Kebudayaan DIY (2020). Buku-bukune sing wus kababar: Siti Musibah (2017), Bancakan (2017), Sengkalan (2017), Rumah Adat Sasak (2018), Kavling Suwarga (2019), lan Muallaf (2020).

Tulisan-tulisane wujud esai lan cerita fiksi akeh kababar ing Kedaulatan Rakyat, Solopos, Suara Merdeka, Panjebar Semangat, Jayabaya, Djaka Lodang, Swaratama, Jawacana, lan Ancas.

Kajaba iku uga nate dadi pemakalah ing JETA International Conference (2004 tekan 2014), IETA Conference (2015), Kongres Bahasa Jawa VI (2016), lan Kongres Kebudayaan Jawa II (2018).

Sesambungan bisa lewat pos-el kisudadi@gmail.com utawa instagram @Ki Sudadi lan whatsapp/handphone 081326968838.

126 । Antologi Cekak